PUPUH VIII
WIRANGRONG
WIRANGRONG
01 Den samya marsudeng budi,
wuweka dipun was paos, aja dumeh bisa muwus, yen tan pantes ugi, sanadya mung
sekecap, yen tan pantes prenahira.
Hendaklah kau
berusaha mengendalikan diri dan berhati-hati, jangan mentang-mentang pandai
berbicara jika tak layak (didengar), meskipun hanya sepatah kata jika bukan
pada tempatnya
02 Kudu golek masa ugi,
panggonan lamun miraos, lawan aja age sira muwus, durunge den kaesthi, aja age
kawedal, yen durung pantes lan rowang.
Carilah waktu
dan tempat jika ingin bicara, jangan terburu-buru berbicara sebelum kau piker,
jangan cepat-cepat kau keluarkan (isi hati) jika belum layak siapa yang kau
ajak bicara
03 Rowang sapocapan ugi, kang
pantes ngajak calathon, aja sok metuwo wong celathu, ana pantes ugi, rinungu
mring wong kathah, ana satengah micara.
Perhatikan
dengan siapa kau berbicara sehingga tidak asal bicara. (pembicaraan itu) ada
yang layak didebgarkan orang banyak ada pula yang tidak
04 Tan pantes kanggo ngawruhi,
milane lamon miraos, dipun ngarag-ngarah ywa kabanjur, yen sampun
kawijil, tan kena tinurutan, milane dipun prayitna
Diketahui orang
banyak. Oleh karena itu, jika berbicara jangan melantur karena jika telanjur
terucap tidak dapat ditarik kembali
05 Lan maninge wong ngaurip, aja
ngakehken supaos, iku gawe reged badanipun, nanging masa mangkin, tan ana
itungan prakara, supata ginawe dinan.
Di samping itu,
orang hidup jangan terlalu banyak bersumpah, itu akan mengotori dirimu, namun
zaman sekarang tidak ada pertimbangan, bersumpah adalah perbuatan sehari-hari
06 Den gemi marang ing lathi,
aja ngakehke pepisoh, cacah cucah erengan ngabul-abul, lamun andukani, den dumeling
dosanya, mring abdi kang manggih duka.
Berhematlah
dengan lidahmu, jangan memperbanyak umpatan, menggerutu, dan marah-marah. Jika
kau marah, sebutkan kesalahan bawahanmu itu
07 Lawan padha den pakeling,
teguhna lahir batos, aja ngalap randhaning sedulur, sanak miwah abdi, rowang
ing sapangandhap, miwah maring pasanakan.
Dan juga
ingatlah, kuatkan lahir batin, jangan mengharapkan janda saudaramu, kerabat,
maupun bawahanmu, dan seterusnya
08 Gawe salah graitaning, ing
liyan kang sami anom, nadyan lilaa lanangipun kang angrungu elik, ing batin tan
pitaya, masa kuranga wanodya.
Hal itu akan
membuat curiga orang yang mengetahuinya, sekalipun suaminya rela, tetapi yang
mendengarnya tidak yakin, tidak mungkin kurang wanita
09 Tan wurung dipun cireni, ing batin
ingaran rusoh, akeh jaga-jaga jroning kalbu, arang ngandel batin, ing tyase
padhasuda, pangandele mring bendara.
Hal itu pasti
dijadikan tanda dan dicap jorok. Di dalam hatinya, mereka tidak percaya, hal
itu menyebabkan kepercayaan kepada tuannya akan berkurang
10 Anu cacat agung malih,
anglangkungi saking awon, apan sakawan iku akeh pun, dhingin wong madati,
pindho wong ngabotohan, kaping tiga wong durjana.
Ada lagi cacat
yang lebih besar dari kesalahan, yaitu empat perilaku, pertama madat, kedua bertaruh,
dan ketiga pencuri
11 Kaping sakawane ugi, wong ati
sudagar awon, mapan suka sugih watekipun, ing rina lan wengi, mung batine den
etang, alumuh lamun kalonga.
Yang keempat
adalah berwatak pedagang. Adapun watak pedagang dianggap jelek karena siang
malam hanya memikirkan keuntungan, tidak mau jika berkurang
12 Iya upamane ugi, duwe dhuwit
pitung bagor, mapan nora marem ing tyasipun, ilanga sadawa, gegetun patang warsa,
padha lan ilang sanambang.
Meskipun
memliki uang empat karung pun, belum tenang hatinya, sekalipun hanya hilang
satu sen, menyesalnya sampai empat bulan, sama dengan hilang seribu
13 Wong ati sudagar ugi,
sabarang prakara tamboh, amung yen ana wong teka iku, anggegawe ugi, gegadhen
pan tumanggal, ulate teka sumringah.
Orang berwtak
pedagang, dalam banyak hal pura-puta tidak tahu, namun jika ada orang yang
dating sambil membawa barang jaminan, ia bersikap ramah dan wajanya pun
cerah
14 Dene wong durjana ugi, nora
ana den raos, rina wengi mung kang den etung, duweke liyan nenggih, dahat datan
prayoga, kalamun wateke durjana.
sedangkan watak
pencuri, tidak ada lagi yang dirasakan, siang malam yang diperhitungkan adalah
milik orang lain. oleh kaera into sangat tidak baik berwatak pencuri
15 Dene bebotoh puniki, sabarang
pakaryan lumoh, lawan kathah linyok para padha, yen pawitan enting tan wurung
anggegampang, ya marang darbeking sanak.
Adapun watak
penjudi itu malas bekerja, sering berbohong, dan suka beradu mulut, jika
modalnya habis, maka menggampangkan segala milik saudara
16 Nadyan wasiyating kaki, nora
wurung dipun edol, lamun menang lali gawe angkuh, pan kaya bopati, wewah tan
ngarah-arah, punika awoning bangsat.
Bahkan warisan
kakeknya pun berani dijual. Jika menang lupa daratan, lagaknya seperti bupati,
member dengan tanpa perhitungan. Begitulah kejelekan penjudi
17 Kabutuhe nuli memaling,
tinitenan saya awon, apan boten wonten panedinipun, pramilane sami, sadaya
nyinggahana, anggegulang ngabotohan.
Jika sudah
terpaksa terus mencuri, lama-kelamaan kejelekannya ketahuan karena memang tidak
ada penghasilan. Oleh karena itu, hindarilah dan jangan lakukan perjudian
18 Dene ta wong akng madati,
kesade kaworan lumuh, amung ingkang dados senengipun, ngadep diyan sarwi,
linggih ngamben jejegang, sarwi leleyang bedudan.
Adapun pemadat
wataknya malas tidak kepalang, kesukaannya hanya menghadapi lampu sambil duduk
di amben bertumpang kaki sambil menimang culim
19 Yen leren nyeret, netrane pan
merem karo, yen wus ndadi awake akuru, cahya biru putih, njalebut wedi toya,
lambe biru untu pethak.
Jika berhenti
menhisap madat, matanya terkatup. Jika sudah parah, maka tubuhnya kurus kering,
wajahnya kuyu, takut air,bibir biru sedangkan gigi putih kotor
20 Beteke satron lan gambir,
jambe suruh arang wanuh, ambekane sarwi melar mingkus, atuke anggigil, jalagra
aneng dhadha, tan wurung metu bolira.
Karena tidak kenal gambir,
pinang, dan sirih. Napasnya kembang kempis tersengal—sengal, batuk tiada henti,
dan dahak menyumbat dada, dan akhirnya mengeluarkan bul
21 Yen gering nganggo
ndalinding, suprandene nora kapok, iku padha singgahana patut, ja ana nglakoni,
wong mangan apyun ala, uripe dadi tontonan.
Jika sakit
disertai mencret. Meskipun negitu (ia) tidak kapok. Itu patut kalian hindari,
jangan ada yang melakukan (perbuatan itu). Orang madat itu hidupnya menjadi
tontonan
22 Iku kabeh nora becik, aja na
wani anganggo, panggawe patang prakara iku, den padha pakeling, aja na wani
nerak, kang wani nerak tan manggih arja.
Itu semua tidak baik,
jangan ada yang berani melakukan empat perkara tersebut. Dan ingatlah, jangan
ada yang berani nekat, yang berani nekad tidak akan menemui kesejahteraan
23 Lawan ana waler malih, aja
sok anggung kawuron, nginum, sayeng tanpa masa iku, endi lire ugi, angombe
saben dina, pan iku watake ala.
Ada lagi
pantangan, jangan suka mabuk, minum tanpa batas waktu, (padahal) minum-minuman
setiap hari itu tabiatnya buruk
24 Kalamun wong wuru ugi, ilang
prayitnaning batos, nora ajeg barang pikiripun, elinge ning ati, pan
baliyar-baliyur, endi ta ing becikira
Pemabuk akan
kehilangan keseimbangan batin, pikirannya tidak jelas, ingatannya goyang. Lalu,
di mana kebaikannya?
25 Lan aja karem sireki, ing
wanodya ingkang awon, lan aja mbuka wadi siraku, ngarsaning pawestri tan wurung
nuli corah, pan wus lumrahing wanita.
Jangan pula kau
menyukai wanita yang kotor, jangan pula kau membuka rahasia di depan wanita
sebab akan menjadi buah bibir. Bukakankah begitu umumnya wanita
26 Tan bisa simpen wewadi,
saking rupake ing batos, pan wus pinanci dening Hyang agung, nitahken pawestri,
apan iku kinarya, ganjaran marang wong priya.
Tidak bisa
menyimpan rahasia karena sempitnya hati. Sudah menjadi kodrat dari Yang
Mahaagung, menciptakan wanita sebagai hadiah kepada para lelaki
27 Kabeh den padha nastiti,
marang pitutur kang yektos, aja dumeh tutur tanpa dapur, yen bakale becik, den
anggo weh manfaat, ywa kaya Pucung lan kaluwak.
Semuanya mesti waspada,
jangan hanya karena nasihat sederhana. Jika itu memang baik , maka dengarkanlah
karena jika dilaksanakan memberi manfaat., jangan seperti pucung dan kluwak.
(Pucung lan kluwak merupakan isyarat pola tembang berikutnya)
PUPUH IX
P U C U N G
P U C U N G
01 Kamulane kaluwak nonomanipun,
Pan dadi satunggal, pucung aranira ugi, yen wus tuwa kaluwake pisah-pisah.
Pada waktu muda, buah
kluwak meyatu dan namanya pucung, jika sudah tua, kluwak tersebut terpisah
02 Den budiya kapriye ing
becikipun, aja nganti pisah, kumpule kaya nomeki, anom kumpul tuwa kumpul kang
prayoga.
Bagaimanapun
juga, usahakan jangansampai berpisah, bersatunya seperti masa muda, muda
menyatu ketika tua pun sebaiknya menyatu
03 Aja kaya kaluwak duk anom,
kumpul bisa wus atuwa, ting salebar siji-siji, nora wurung dadi bumbu pindhang
lulang.
Jangan seperti kluwak,
ketika masih muda menyatu, namun ketika tua masing-masing menyebar, akhirnya
hanya sebagai bumbu pindang
04 Wong sadulur nadyan sanak
dipunruntut, aja kongsi pisah, ing samubarang karyeki, yen arukun dinulu teka
prayoga.
Persaudaraan
itu,meskipun dengan sudara jauh harus ruku, jangan sampai terpisah dalam segala
hal. Jika hidup rukun akan baik dilihat orang
05 Abot enteng wong sugih sanak
sadulur, enthenge yen pisah, pikire tan dadi siji, abotipun yen sabiyantu ing
karsa
Banyak sudara memang ada
berat dan ada juga ringannya. Ringan bila masing-masing pikirannya terpisah,
adapun beratnya jika (kita) membantu segala hal
06 Luwih bakuh wong sugih sanak
sadulur, ji – tus tadhingira, yen golong sabarang pikir, becik uga lan wong
kang tan duwe sanak
Lebih kokoh
jika banyak saudara, satu berbanding seratus jika bersatu hati, lebih baik
dibadingkan tidak memiliki saudara
07 Lamun bener lan pinter
pamomonganipun, kang ginawa tuwa, aja nganggo abot sisih, dipun sabar pamengku
mring santana.
Jika benar dan
pandai memperlakukannya. Yang merasa dituakan jangan berat sebelah, harus
berlaku seimbang terhadap kerabat dan bawahan
08 Pan ewuh wong tinitah dadi
asepuh, tan kena ginampang, mring sadulurira ugi, tuwa nenom aja beda traping
karya.
Memang repot
jika dituakan, tidak boleh menganggap gampang kepada saudara. Jangan membedakan
perintah, baik kepada yang muda maupun kepada yang tua
09 Kang saregep kalawan ingkang
malincur, iku kawruh ana, sira alema kang becik, ingkang malincur den age
bendanana.
Yang rajin dan yang malas
harus kau ketahui. Pujilah ia yang rajin, sedangkan yang malas, segera
marahilah
10 Yen tan mantun binendonan
nggone malincur, nuli patrapana, sapantese lan dosaning, kang santosa dimene
dadi tuladha.
Jika tidak sadar
kemalasannya dengan dimarai, jatuhilah hukumanyang seimbang dengan kesalahannya
agar menjadi contoh
11 Kang wong liya darapon wedia
iku, kang padha ngawula, ing batine wedi asih, pan mangkono lelabuhane dadi
wong tuwa
Bagi orang
lain. orang yang mengabdi akan menjadi segan dan setia. Bukankah begitu
seharusnya perilaku orang yang dituakan
12 Nggone mengku jembar amot tur
rahayu, den kaya sagara, tyase ngemot ala becik, mapan ana pepancene
sowang-sowang.
Seyogyanya berhati bersih dan lapang dada bagai
samudra, memahi baik dan buruk, bukankah masing-masing memiliki takdir?
13 Jer sadulur tuwa kang wajib
pitutur, marang kadang taruna, wong anom wajibe wedi, sarta manut wulange
sadulur tuwa.
Saudara tua
memiliki kewajibanuntuk memberikan nasihat, adapun kewajiban orang muda adalah
segan dan menuruti nasaihat saudara tua
14 Kang tinitah dadi anom aja
masgul, ing batin ngrasaa, saking karsaning Hyang Widdhi, yen masgula ngowai
kodrating Suksma.
Yang
ditakdirkan menjadi saudara muda jangan ragu. Bersyukurlah karena sudah
dikehendaki Yang Mahaesa, jika ragu akanmegubah kodrat Allah
15 Nadyan bener yen wong anom
dadi luput, yen ta anganggoa, ing pikirira pribadi, pramilane wong anom aja
ugungan
Orang muda,
sekalipun benar tetap dipersalahkan, hal itu jika kau turuti pikiran sediri.
Oleh karena itu, orang muda jangan manja
16 Yen dadi nom weruha ing
enomipun, kang ginawe tuwa, dikaya banyu neng beji, den awening paningale aja
samar
Jika ditakdirkan muda,
sadarlah dengan kedudukan mudanya, adapun yang tua jadilah seperti air di
kolam, jernihkan penglihatanmu
17 Lan maning ana ing pituturingsun,
yen sira amaca, laying sabarang layanging, aja pijer ketungkul ngelingi sastra.
Di samping itu,
nasihatku, jika kau membaca segala macam serat (kitab), jangan hanya terpaku
pada (keindahan) sastranya
18 Caritane ala becik dipun
enut, nuli rasa kena, carita kang muni tulis, den karasa kang becik sira
anggowa
Pahami baik dan buruk
ceritanya, kemudian renungkan (makna) cerita yang tertulis, yang kau rasa baik,
ambillah
19 Ingkang ala kawruhana
alanipun, dadine tyasira, weruh ing ala lan becik, ingkang becik wiwitane
kawruhana.
Yang jelek pahamilah
kejelekannya sehingga kau memahami mana yang buruk dan mana yang baik. Adapun
yang baik, pahamilah asal mulanya
20 Wong kang laku mangkono
wiwitanipun, becik wekasanya, wong laku mangkono witing ing satemah puniku pan
dadi ala.
Orang yang bertindak begitu
di awal, akan baik pada akhirnya, sedangkan orang yang bertindak sebaliknya
akan berakibat buruk
21 Dipun weruh iya ing
kawulanipun, kalawan wekasanira, puniku dipunkalingling, ana ala dadi becik
wekasanya.
Pahamilah, baik awal maupun
akhir. Perhatikan, ada yang tampak awalnya jelek namun pada akhirnya menjadi
baik
22 Ewuh temen babo wong urip
puniku, apan nora kena, kinira-kira ing budi, arang temen wijile basa raharja.
Kehidupan memang repot
karena tidak dapat diperkirakan, jarang sekali tindakan yang baik (wijil adalah
isyarat pola tembang berikutnya)
PUPUH X
M I J I L
M I J I L
01 Poma kaki padha dipun eling,
ing pituturingong, sira uga satriya arane, kudu anteng jatmika ing budi, luruh
sarta wasis, samubarang tanduk.
Harap kau ingat
nasihatku ini, Nak. Engkau juga disebut sebagai kesatria, harus halus dan
hening hatimu, lembut, dan cerdas dalam segala hal
02 Dipun nedya prawira ing
batin, nanging aja katon, sasona yen durung masane, kekendelan aja wani
manikis, wiweka ing batin, den samar ing semu.
serta
berusahalah utuk berani, namun jangan sampai terihat, bahkan jika belum
waktunya jangan sampai keberanian itu kau perlihatkan, hati-hati, sabar, dan
rahasiakan
03 Lawan densemu lawan den
lungit, maneh wekasingong, aja kurang iya panrimane, yen wis tinitah dera Hyang
Widhi, ing badan punika, pan wus pepancenipun.
Melalui isyarat dengan
cermat. Di samping itu, pesanku, jangan lupa bersyukur atas karunia Yang
Mahakuasa dengan kodrat yang menyertaimu
04 Kang narima satitah Hyang
Widhi, temah dadi awon, lan ana wong tan narima titahe, wekasane iku dadi
becik, kawruhana ugi, aja selang surup.
(meskipun demikian) ada
orang yang tidak bersyukur malah bernasib baik, sedangkan orang yang bersyukur
bernasib jelek. Pahamilah, jangan sampai kau keliru
05 Yen wong bodho datan nedya
ugi, atakon tetiron, anarima titah ing bodhone, iku wong narima norabecik dene
ingkang becik, wong narima iku.
Jika ada orang bodoh tetapi
tidak mau bertanya dan tidak manu menerima kodrat kebodohannya, itu tidak baik.
Adapun yang baik adalah yang menerima dengan syukur
06 Kaya upamane wong angabdi,
marang sing Sang Katong, lawas-lawas ketekan sedyane, dadi mantri utawa bupati,
miwah saliyaneng, ing tyas kang panuju.
Seperi orang yang mengabdi
kepada raja, lama-kelamaan akan terlihat kemampuannya, (akhirnya) diangkat
sebagai menteri atau bupati atau tercapai seluruh keinginannya
07 Nuli narima tyasing batin,
tan mengeng ing Katong, rumasa ing kani matane, sihing gusti tumeking nak rabi,
wong narima becik kang mangkono iku.
Kemudian
bersyukur secara lahir dan batin dengan tidak menolak perintah rajakarena
merasa bahwa semua yang diterimanya sampai ke anak istri adalah atas kasih
sayang raja. Orang yang bersyukur seperti itu baik.
08 Nanging arang iya wong saiki,
kang kaya mangkono, Kang wus kaprah iyo salawase, yen wis ana lungguhe
sathithik, apan nuli lali, ing wiwitanipun.
Namun sangat
jarang orang jaman sekarang orang seperti itu. Yang sering terjadi adalah sal
sudah memiliki kedukukan meskipun kecil akan melupakan asal-usulnya
09 Pangrasane duweke pribadi,
sabarang kang kanggo, datan eling ing mula mulane, witing sugih sangkane
amukti, panrimaning ati, kaya anggone nemu.
Perasaanya
miliknya itu hasil pribadi, semua benda yang dipergunakan tidak diingat
asal-usul bagaimana ia menjadi kaya, bahkan dikiranya diperoleh begitu saja
seperti hasil nemu
10 Tan ngrasa kamurahaning
Widdhi, jalaran Sang Katong, jaman mengko ya iku mulane, arane turun wong
lumakyeng kardi, tyase tan saririh, kasusu ing angkuh.
Tidak merasa
atas kemurahan Yang Mahakuasa itu berkat kasih sayang raja. Itulah sebabnya
jaman sekarang jarang orang yang mewariskan kedudukan (kepada keluarganya)
karena ia tidak sabar, tergesa-gesa, dan sombong
11 Arang nedya males sihing
Gusti, Gustine Sang Katong, lan iya ing kabehing batine, nora nedya narimeng
Hyang Widdhi, iku wong tan wruh ing, kanikmatanipun.
Jarang orang yang
berkeinginan untuk membalas kasih sayang raja, raja dari segala raja.
Dalam batinnya tidak bersyukur atas anugrah Yang Mahakuasa, (orang seperti itu)
tidak merasakan kenikmatan
12 Yeku wong kurang narima ugi,
luwih saka awon, barang gawe aja age-age, anganggoa sabar rereh ririh, dadi
barang kardi, resik tur rahayu.
Atau orang yang
tidak tahu bereterima kasih (menyebabkan segalanya) menjadi buruk. Jangan
tergesa-gesa dan selalu bertindak sabar, tenang, dan cermat sehingga pekerjaan
menjadi baik dan mendatangkan kenikmatan
13 Uwis pinter nanging iku
maksih, nggonira ngupados, undhaking ing kapinterane, lan undhake kawruh ingkang
yekti, durung marem batin lamun durung tutug.
Ada pula orang yang sudah
pandai namun masih mencari kepandaian yang melebihi kepandaian dan
pengetahuannya, ia belum merasa puas jika belum sempurna
14 Ing pangawruh kang
densenengi, kang wus sem ing batos, miwah ing kapinteran wus dene, samubarang
pakaryan wus enting, nora nana lali, kabeh wus kawengku
Pengetahuan
yang dia senangi dan sudah tertanam di dalam batin, segala pekerjaan sudah
mampu ia lakukan, tidak ada yang terlupakan, semuanya sudah ia kerjakan
15 Lan maninge babo dipun eling,
ing pituturingong, sira uga padha ngempek-empek, iya marang kang jumeneng Aji,
ing lair myang batin, den ngarsa kawengku.
Dan lagi, ingatlah
nasihatku. Kalian semua bernaung pada raja. Oleh karenanya, merasalah secara
lahir dan batin
16 Kang jumeneng
nata ambawani, wus karseng Hyang Manon, wajib padha wedi lan batine, aja mamang
parintahing Aji, nadyan enom ugi, lamun dadi Ratu.
Bahwa yang menjadi raja
memerintah Negara,itu merupakan kehendak Yang Mahatahu, oleh karenanya,jangan
ragukan perintahnya. Meskipun masih muda namun menjadi raja
17 Nora kena iya den waoni,
parentahing Katong, dhasar Ratu abener prentahe, kaya priye nggonira sumingkir,
yen tan anglakoni, pasti tan rahayu.
Tidak boleh dicela.
Perintah raja adalah benar adanya, maka bagaimanapun mau menghindar dan tidak
menjalankan perintahnya pasti tidak akan membawa kebajikan
18 Krana ingkang kaprah mansa
iki, anggone angrengkoh, tan rumangsa lamun ngempek empek, ing batine datan
nedya eling, kamuktene ugi, ngendi sangkanipun.
Yang lumrah di
masa kini adah mendaku, tidak merasa dirinya bernaung, bahkan dalam hatinya
tidak mau mengingat asa-usul (kemuliaan itu)
19 Lamun eling jalarane mukti,
pasthine tan ngrengkoh, saka durung bisa ngrasakake, ing pitutur engkang
dingin-dingin, sarta tan praduli, wuruking wong sepuh.
Jika ingat asal-usul
kemuliaan itu, pasti ia tidak akan sombong. (hal itu terjadi) karena ia belum
dapat memahani nasihat orang terdahulu dan tidak perduli nasihat orang
tua
20 Ing dadine barang tindak iki,
arang ingkang tanggon, saking durung ana landhesane, pan nganggo karsane
pribadi, ngawag barang kardi, dadi tanpa dhapur.
Sehingga segala tindakannya
jarang yang kokoh karena belum memiliki dasar dan menurutkan kehendak pribadi,
ngawur, dan tanpa aturan
21 Mulanipun wekasingsun kaki,
den kerep tetakon, aja isin ngatokken bodhone, saking bodho witing pinter kaki,
mung Nabi kakasih, pinter tanpa wuruk.
Oleh karena itu nasihatku,
Nak, rajinlah bertanya, angan malu menampakkan kebodohan, kepandaian itu
berawal dari kebodohan, Nak. Hanya Nabi terkasih yang pandai tanpa berguru
22 Sabakdane datan ana maning,
pinter tanpa tetakon, pan wus lumrahing wong urip kiye, mulane wong anom den
taberi, angupaya ngelmi, dadya pikukuh.
Sesudah itu tidak ada lagi
(orang) yang pandai tanpa bertanya. Bukankan sudah lazim kehidupan jaman
sekarangbahwa kepandaian diperoleh karena bertanya. Oleh karena itu, orang muda
rajinlah mencari ilmu sebagai pegangan
23 Driyanira dadya tetali, ing
tyas dimen adoh, akeh ati ingkang ala kiye, nadyan lali pan tumuli eling, yen
wong kang wus ngelmi, kang banget tuwajuh
Inderamu jadikan sebagai
ikatan jiwa yang kuat agar kehidupanmu dijauhkan dari kejahatan. Bagi orang
yang berilmu dengan sempurna, meskipun lupa, ia akan segera ingat
24 Kacek uga ingkang tanpa
ngelmi, sabarange kaot, ngelmi iku dene kangge, saben dina gurokena dhingin,
pan sarengat ugi,parabot kang parlu.
Berbeda halnya dengan orang
yang tidak berilmu, segalanya berbeda. Gunakan ilmu dan asahlah setiap hari. Bukankan
syariat juga merupakan kewajiban?
25 Ngelmu sarengatpuniku dadi,
wewadhah kang sayektos, kawruhana kawengkune kabeh, kang sarengat, kang lair
myang batin, mulane den sami, brangtaa ing ngelmu.
Inderamu jadikan sebagai
ikatan jiwa yang kuat agar kehidupanmu dijauhkan dari kejahatan. Bagi orang
yang berilmu dengan sempurna, meskipun lupa, ia akan segera ingat (brangtaa
merupakan isyarat pola tembang berikut, yaitu asmarandana)
PUPUH XI
ASMARANDANA
ASMARANDANA
01 Padha netepana ugi, kabeh
parentahing syara, terusna lair batine, salat limang wektu uga, tan kena
tininggala, sapa tinggal dadi kupur, yen misih remen neng praja.
Tetapkan juga
seluruh perintah agama secara lahir batin. Sholat lima waktu tidak boleh kau
tinggalkan. Barang siapa yang meninggalkan sholat akan menjadi kufur. Itupun
jika kau masih mencintai kehidupan
02 Wiwitane badan iki, iya
saking ing sarengat, anane Manusa kiya, rukune Islam lelima, tan kerja
tininggala, pan iku parabot agung, mungguh uripe neng donya.
Badan ini pun bermula dari
syariat, begitupun adanya manusia. Kelima rukun Islam tidak boleh kau
tinggalkan, bukankah itu semua perangkat yang mulia bagi kehidupan manusia di
dunia
03 Kudu uga den lakoni, rukun
lelima punika, apantosa kuwasane, ning aja tan linakwan, sapa tan ngalakanana,
datan wurung nemu bebendu, mula padha estokena.
Kelima rukun Islam itu
harus kau laksanakan semampumu, namun jangan sampai tidak kau laksanakan.
Barang siapa yang tidak melaksanakan akan mendapatkan hukuman, karenanya
laksanakan
04 Parentahira Hyang Widdhi,
kang dhawuh marang Nabiu’ullah, ing Dalil Khadis enggone, aja padha sembrana,
rasakna den karasa, Dalil Khadis rasanipun, dimene padhang tyasira.
Segala perintah
Yang Mahakuasa, sebagaimana yang disabdakan Nabiullah, dalam dalil dan hadits,
sangan sembarangan, rasakan sampai kau merasakan. Camkan betrul-betul makna
dalil dan hadits agar menerangi hatimu
05 Nora gampang wong ngaurip,
yen tan weruh uripira, uripe padha lan kebo, angur kebo dagingira, khalal lamun
pinangan, yen manungsa dagingipun, pinangan pastine kharam.
Tidak mudah dalam menjalani
kehidupan jika kau tidak mengetahui hidupmu. Orang demikian seperti kerbau,
bahkan kerbau masih lebih baik karena dagingnya halal dimakan, tetapi daging
manusia itu pasti haram untuk dimakan
06 Poma-poma wekas mami, anak
putu aja lena, aja katungkul uripe, lan aja duwe kareman, banget paes neng
dunya, siang dalu dipun emut, wong urip manggih antaka.
Perhatikan sungguh-sungguh
nasihatku, anak cucu jangan terlena, jangan terlalu ingin memiliki perhiasan
dunia. Siang malam ingatlah, bahwa orang yang hidup akan menemui kematian
07 Lawan aja angkuh bengis,
lengus lanas calak lancang, langar ladak sumalonong, aja ngidak aja ngepak, lan
aja siya-siya, aja jahil dhemen padu, lan aja para wadulan.
Dan juga jangan
kau bengis, angkuh, mudah tersinggung, pemarah, bermulut lancing, tidak tahu
tata karma galak, dan merendahkan orang lain, gemar bertengkar, dan suka
mengadu
08 Kang kanggo ing masa iku,
priyayi nom kang den gulang, kaya kang wus muni kowe, kudu lumaku kajinan, pan
nora nganggo murwat, lunga mlaku kudhung sarung, lumaku den dhodhokana.
Untuk masa sekarang, para
priyayi muda biasa melakukan perbuatan seperti itu, berjalan pun tidak
dihormati karena tidak menggunakan pertimbangan, berjalan pun dengan berkerudung
sarung agar tidak dikenali
09 Ngandelaken satriyane, lamun
ngatrah dinodokan, anganggoa jejeran, yen niyat lumaku namur, aja ndodokaken
manusa
Perbuatan semacam itu tidak
baik. Dapat dikatakan sebagai kesatria yang tidak tahu adat dan hanya mengandalkan
kesatriaannya. Kalaupun ingin menyamar, jangan menyamar sebagai orang lain
10 Iku poma dipuneling, kaki
marang ptituturingwang, kang wus muni buri kuwe, yen ana ingkang nganggoa,
cawangan wong mblasar, saking nora ngrungu tutur, lebur tan dadi dandanan
Sesunguh-sungguhnya, ankku,
ingatlah pesanku ini. Jika ada yang melakukannya, maka ia menjadi orang yang
tidak tahu aturan karena tidak mendengarkan nasihat sehingga hancur tidak
membawa manfaat
11 Barang gawe dipuneling,
nganggoa tepa sarira, aparentah sabenere, aja ambak kumawawa, amrih
denwedenana. Dene ta kang wus linuhung , nggone mengku marang bala
Segala perbuatan hendaknya
diukur dengan diri sendiri. Berikan perintah berdasarkan kemampuannya, jangan
mentangmentang berkuasa agar ditakuti. Bagi orang yang sempurna dalam
memerintahkan bawahan
12 Prih wedi sarta asih, ggone
mengku marang bala, den weruhana gawene, den bias aminta-minta, karyane
wadyanira, ing salungguh-lungguhipun, ana karyane priyangga
Berupaya agar segan dan
hormat, dalam memerintah bawahan, tunjukan apa yang harus dikerjakan, jelaskan
pekerjaan menurut tugas dan tanggung jawabnya masing-masing
13 Sarta weruhana ing becik,
gantungana ing patrapan, darapon pethel karyane, dimene aja sembrana, denya
nglakoni karya, ywa dumeh asih sireku, yen leleda patrapana
Serta tunjukan pada hal-hal
yang baik, berikan sanksi agar rajin dan tidak sembarangan dalam melakukan
pekerjaan. Sekalipun engkau sayangi, jika ia teledor, jatuhkan hukuman
14 Iku uga dipun eling, kalamun
mulyaning praja, mufa’ati mring wong akeh, ing rina wengi tan pegat, nenedha
mring Pangeran, luluse kraton Sang Prabu, miwah arjaning negara.
Itu juga harus kau ingat,
jika Negara sejahtera akan memberikan manfaat terhadap orang banyak. Siang dan
malam jangan sampai putus memohon kepada Gusti Allah agar merestui raja dan
ketentraman negara
15 Iku wewalesing batin, mungguh
wong suwiteng Nata, ing lair setya tuhu, kalawan nyandhang ing karsa, badan
datan nglenggana, ing siyang dalu pan katur, atur pati uripira.
Demikian itu balas budi
secara batin bagi orang yang mengabdi kepada raja, secara lahir setia dan
menanti perintah raja, dirinya dan hidup matinya ia pasrahkan, siang maupun
malam
16 Gumantung karsaning Gusti,
iku traping wadya setiya, nora kaya jaman mangke, yen wus antuk palungguhan,
trape kaya wong dagang, ngetung tuna bathinipun, ing tyas datan pangrasa.
Bergantung pada kehendak
raja itulah sikap bawahan yang setia, tidak seperti jaman sekarang, jika sudah
mendapatkan kedudukan, tingkahnya sperti pedagang, yang diperhitungkan hanyalah
untung dan rugi, di hatinya tidak merasa
17 Awite dadi priyayi, sapa kang
gawe ing sira, tan weling ing wiwitane, amung weruh ing witira, dadine saking
ruba, mulane ing batinipun, pangetunge lir wong dagang.
Bagaimana awalnya sehingga
menjadi pembesar, siapa yang menjadikanmu demikian,sekalipun tak
mengingat pada asal usulnya, pasti dalam hatinya ia tahu mulainya. Ia mejadi
pejabat karena suap, maka perhitungannya seperti berdagang
18 Mung mikir gelise mulih,
rerubanira duk dadya, ing rina wengi ciptane, kepriye lamun bisaa, males sihing
bandara, lungguhe lawan tinuku, tan wurung angrusak desa.
Yang dipikirkan hanya
sesegera mungkin kembali modal. Jika demikian, bagaimana ia dapat membalas
kebaikan majikannya karena kedudukannya diperoleh dari hasil membeli sehingga
ia berani merusak desa
19 Pamrihe gelise bathi, nadyan
besuk pinocota, picisku sok wusa mulih, kepriye lamun tataa, polahe salang
tunjang, padha kaya wong bebruwun, tan ngetung duga prayoga.
Dengan harapan segera
mendapatkan untun, g sekalipun besok dipecat uangku sudah kembali. Bagaimana
mungkin dapat tertib karena perbuatannya tidak pantas, seperti orang jahat yang
tidak memperhitungakn kebaikan dan nalar
20 Poma padha dipun eling,
nganggo syukur lawan lila, nrimaa ing pepancene, lan aja amrih sarama, mring
sedya nandhang karya, lan padha amriha iku, harjane kang desa-desa.
Oleh karena itu ngatlah.
Bersyukurlah jangan kau lupakan. Terimalah keharusan dan jangan mengharapkan
suap dari bawahan yang melaksanakan tugas, sebaliknya berusahalah untuk
menyejahterakan desa-desa
21 Wong desa pan aja ngesthi,
anggone anambut karya, sesawah miwah tegale, nggaru maluku tetapa, aja den owah
dimene, tulus nenandur jagung, pari kapas lawan jarak.
Orang-orang desa jangan
sampai kesulitan dalam mengarap lading, bekerja, bersawah, bertani, dan
membajak, jangan kau ganggu agar mereka dapat terus menanamjagung, padi,
kapas, dan jarak
22 Yen desa akeh wongneki,
ingkang bathi pasthisira, wetune pajeg undhake, dipun reh pamrihira, aja kongsi
rekasa, kang wani kalah rumuhun, beya kurang paringana.
Jika desa banyak
penduduknya, yang neruntung tentu engkau, karena mendapatkan pajak yang lebih.
Oleh karena itu hati-hatilah dalam mengatur jangan sampai menyusahkan, biarlah
mengalah dulu, jika kurang biaya, berilah
23 Kapriye gemahing bumi, sakehe
kang desa-desa, salih bekel pendhak epon, pametuhe jung sacacah, bektine
karobelah, temahan desane suwung, priyayi jaga pocotan
Namun bagaimana bumi dapat
tentram jika pemimpinnya berganti setiap hari Pon. Tanah satu jung diambil
upeti seratus lima puluh sehingga desa kosong karena berganti-ganti pemimpin
24 Poma aja anglakoni, kaya
pikir kang mangkono, satemah lingsem dadine, den sami angestakena, mring
pitutur kang arja, nora cacad alanipun, wong nglakoni kebecikan.
Sesungguh-sungguhnya jangan
ada yang melakukan perbuatan itu sebab pada akhirnya akan mempermalukan dirimu.
Patuhilah nasihat yang member kesejahteraan karena tidak ada jeleknya
menjalankan kebaikan
25 Nonoman ing mengko iki, yen
dituturi raharja, arang ingkang ngrungokake, sinamur bari sembrana, ewuh yen
nuruta, malah mudhar pitutur, pangrasane pan wus wignya.
Para pemuda zaman sekarang
ini jika dinasihati baik-baik jarang ada yang mendengarkan seraya bercanda dan
tidak ada yang meniru bahkan ganti menasihati karena merasa sudah tahu
26 Aja na mangkono ugi, yen ana
wong kang carita, rungokena saunine, ingkang becik sireng gawa,bawungen ingkang
ala, anggiten sajroning kalbu, ywa nganggo budi nonoman.
Jangan ada yang
bersikap seperti itu. Jika ada yang sedang bercerita dengarkan sesuai dengan
apa yang dikatakan, yang baik kau ambil, yang tidak baik kau buang. Semua itu
camkan dalam hatimu, jangan biasakan bertindak sebagai pemuda (nonoman
merupakan isyarat pola tembang berikut, yaitu sinom).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar