Aji
karo Santi kuwi kanca raket kawit jaman SD tekan saiki SMA. Suci kuwi ayu,
kulite putih rambute ireng tur dhawa, irunge mancung kaya prosotan TK. Suci uga
ora pilih pilih anggone kekancan mula kuwi dhekne akeh kancane. Merga ayune lan
apike kepribadiane kuwi suci disenengi dening bocah-bocah lanang ning sekolahe.
Nanging suci mung seneng karo kanca rakete kuwi, Aji. Marga kawit SD bareng,
ndadekae Suci seneng karo dhekne. Omahe Suci karo Aji jarake mung 100 meter..
dadi saben dina mesthi ketemu. Yen or Aji sing dolan ya Suci sing dolan ning
omahe Aji. Ngono terus saben dinane.
“ji,
PR matematikamu wis durung ?” takone suci ning jero kelas.
“durung
ci. Kowe wis ?” jawabe Aji.
“wis
ji, nanging ya kurang siji. Arep nyonto ?” taware Suci.
Saben
ana PR mesthi suci nawarake tugase ning Aji. Tanpa aji njaluk.
Ning
sing digelakake Aji kuwi wis dhuwe pacar, Meli jenenge. Aji karo meli pacaran
nembe pirang minggu. Aji karo meli beda sekolah.
“Ci,
delok iku si Aji mesam-mesem dhewe maca HP ne. Mesthi lagi sms an karo pacare.
Kowe apa ora cemburu ci ?” ledheke Bila kanca sebangkune suci.
“Ya
ben bil. Jarke wae. Dhekne seneng aku ya melu seneng. Ngono rah ? hehe” jawabe
Suci enteng.
“yakin
? ora usah nutupi ngono lho ci. Sakjane Aji kuwi luwih cocok karo kowe lho
daripada Meli, yen jareku. Kowe karo aji wis kaya prangko ning endi-endi bareng
terus ora bisa dipisahake. Ngapa ora jadian wae ?”
Suci
mung meneng wae ora bisa ngomong apa-apa maneh.
Esuke
Suci mlaku arep ning omahe Pak dhene sing omahe cedhak karo omahe Aji. Suci
weruh aji karo pacare ning ngarep omahe Aji. Suci sakjane lara atine yen weruh
Aji karo pacare wong loronan. Nanging ya piye maneh. Suci sadar diri. Suci dudu
apa-apane. Suci banjur bablas wae ning omahe pak dhene. Menawa Suci gelem
sakjane sing wis nembak Suci kuwi akeh, nanging ora ana sing di’iya’ni dening
dhekne. Marga rasa senenge dhekne karo Aji. Ora preduli Aji wis dhuwe pacar.
Esuke
Aji kepethuk Suci ning gerbang sekolah.
“Eh
Ci, Suci..” swarane Aji ngageti Suci. “Iya ji, dalem.
Piye ? ciyee sing bar pacaran ndhek wingi” jawab Suci.
Raut
wajahe Aji langsung beda. Lirih-lirih dhekne jawab “Aku putis Ci karo Meli.
Kowe mengko sore sibuk ora ? aku pengen cerita”
“kowe
ngapa ? ora ji. Angger mara wae ji, kaya ora biyasane wae kowe ki” jawabe Suci.
“ya
ci oke”
Aji
karo Suci melu pelajaran kaya biyasane.
Sakbare
sekolah Suci banjur balik omah. Jam 4 sore Aji sms “kowe ning omah to ci ? aku mrono ya”. Suci bales “iya ji ning omah. Mreneo wae”
Aji
ora bales maneh nanging 5 menit sakbare Suci bales, Aji wis tekan omahe. Kaya
biyasane Aji salaman karo ibune Suci. Banjur wog loro kuwi guneman kaya
biyasane ning ruang tamu. Nanging saya suwe saya serius anggone padha guneman.
“Ci,
kowe ngerti ora ngapa aku putus karo Meli ?”
“ora
rah ji, ngapa emang ta ?”
“jujur
ci, aku pacaran karo Meli ora marga aku sayang karo dhekne. Nanging marga
dhekne sing nembek aku, dhekne sing njaluk pacaran karo aku. Arep ngomong ‘ora’
ya aku pakewuh. Mesakake dhekne”
Aji
mandheg anggone ngomong. Aji gemeteran. Eluhe banjir metu kabeh. Banjur
nerusake maneh
“sakjane
aku kawit biyen mung seneng karo cah siji tok ci, ora ganti ganti”
“sapa
ta ?” suci takon. Atine dug dug ser sakjane.
“kanca
kawit SD ci. Apa – apa bareng kaya prangko. Kuwi sing ndadekake aku sayang karo
dhekne”
Suci
saya gemeteran ngrungokake omongane Aji kuwi. Saking gemeterane Suci ora bisa
ngomong apa-apa. Aji nerusake.
“kowe
ngerti sapa ci ? wonge kuwi kowe. Aku sayang karo kowe ci. Kawit biyen mula.
Nanging aku ora pernah wani ngomong karo kowe”
Suci
mung bisa nangis, pengen ngomong aku uga sayang karo kowe mung ora bisa.
Weruh
Suci nangis kaya ngono Aji banjur nyikep Suci.
Kanthi
pedhot-pedhot dhekne ngomong “sakjane aku wis seneng kowe kawit biyen ji, nahan
lara yen weruh kowe karo Meli. Nanging ya piye maneh”
Aji
mung bisa nyikep suci saya kenceng
Tidak ada komentar:
Posting Komentar