Aku ngaku salah
Salahku pancen akeh
Sahingga nek di lebokake bak mesti bakke kurang akeh
Merga salahku pancen akeh
Penjalukanku mung siji
Karepku mung saiki
Kowe gelem ngapurani
Ngapurani salahku sing nglarani ati
Merga aku ora sengaja
Ngucapake tembung kang ora prasaja
Tembung kang nglarani manah
Aku mung bisa njaluk ngapura
Merga aku ngerti yen omonganku iku gawe lara
Kowe gelem ngapurani aku apa ora
Aku mung bisa narima
Karo apa sing meh kowe omongna
2.
AJA NGANTI OWAH
Nalika kita bebarengan
Wis karajut tresna
Nggawe cerita-cerita
Lan impen kang endhah
Kaucap janji marang awakku
Kanggo bebarengan saklawase
Nanging saiki sliramu
Arep lunga saka awakku
Lan nangkene awakku tetep
Pangarep-arep
Sliramu aja njalma
Yen nalika mengko sliramu lunga
Ninggalke aku ning kana
Yem mengko kowe bali
Aku tetep kaya wingi
Ngenteni sliramu ning kene kaya wingi
Lan mung siji karepku
Aja nganti njalma
Kelompok iku yen kerjane bebarengan
Kelompok iku yen siji leren kabeh melu leren
Kelompok iku yen susah seneng di tanggung bebarengan
Ora mung siji ngrasa seneng liane ngrasa susah
Nek ngono iku jenenge dudu kelompok
Iku durung di jenengi kelompok
Kelompok
Iku mesti gerombolan
Iku mesti ora dhewekan
Nanging durung mesti ugak-ugalan
Merga kelompok sing di karepake iku kelompok sing bener
4.
KORAN SING TAK WACA WINGI
Nalika aku maca koran
Koran kang isine kebakaran
Jantungku langsung dheg-dhegan
Dudu merga korane
Nanging merga panggonan kang kobongan
Aku ngeti alamat panggonan iku
Aku kaya ngerti merga aku wis tau menyang alamat iku
Dak pikir karo mlaku
Jebul iku omahing kancaku
Kang mbien akrab banget karo awakku
Merga koran iki aku bisa eling karo kancaku
Aku bisa weruh maneh kancaku
5.
GENERASI MUDHA
Generasi mudha iku kudu di atur
Ben bisa gawe negara sing makmur
Generasi mudha saiki kudu sinau tata krama
Merga negara nbutuhake wong sing bener tur sopan
Generasi mudha saiki kudu pinter
Ben ekonomi negara bisa bener
Pemudha saiki aja mung waton ngomong nanging kudu dilakoni
Merga negara mbutuhake bukti dudu janji
Ya iku tugase pemudha lan pemudhi
6.
KRETA SING TAK TUMPAKI
Nalika lagi nunggu kreta
Nganti ora sabar tekaning kereta
Aku krungu swara kang banter saka kiwa
Tak toleh iku kreta sing arep tak tumpaki
Aku ngadek, banjur aku munggah
Aku lungguh ing pinggiring wanita
Wanita kang ayu kaya shinta
Nanjur aku njaluk kenalan
Swarane kang alus
Nggawe aku kepingin rungokake terus
Ora mung sepisan pindho nanging saklawase
Wingi aku krungu “sekolah gratis”
Dak rungokake kanthi mringis
Kairing tibane grimis
Batinku celathu, Napusi kok ora uwis-uwis
Wingi aku ngerti SPP mundhak
Ngarep-arep bathi gela teka ndadak
He, calon pemimpin!
Yen durung ngerti aja wani
Samubarang kardi jumbuh saka lathi
Yen durung weruh aja aruh-aruh
Dadi bebana yen ora saguh
Gusti...
Dina iki aku nglakoni dosa
Dosa gedhe marang wong tuwa
Apa aku pikantuk ngapura?
Gusti...
Gusti Kang Maha Wicaksana
Sesug uga bakal nglakoni dosa
Dosaku marang wong liya
Apa aku isih pikantuk ngapura?
Gusti...
Maha Welas, Maha Asih
Paring apura tan nyandak pilih
Paring apura mring sapa bae
Sapa bae kang luwe
Sapa bae kang sujud suwe
Gusti...
Gusti Kang Akarya Jagad
Nyuwun ngapura kula tobat
Ibu...
Lagi wae dhek wingi aku nangis
Klesotan njaluk permen manis
Saiki dandananku klemis
Mangkat sekolah senen nganti kemis
Ibu...
Pangestumu dak arep-arep
Ngudi ngelmu kudu kerep
Pancen bandha cupet,
Ning, ati karep, kudu sumerep
Nadyan nggremet, lakuku mantep
Ngelmu...
Tak cekel, tangan ora kesel
Tak gegem, nadyan njarem
Aja ilang, aja lali
Ngelmuku kudu abadi
Rama... Ibu...
Apa ta kuwi tresna sejati?
Kae, aku weruh tresna kakang marang adhi, apa kuwi?
Ngger, asih tresna marang kulawarga
Durung dadi sejatining tresna
Saklebat aku weruh kenya lan priya
Tresnane ngambar ngumbar ganda
Ganda arum lumaksana dewi
Dewi Sinta adus ing wayah wengi
Nadyan ing kali, gandane ngebaki ati
Apa kuwi?
Ngger, Anakku, sejatining tresna
Tresna tan kena mati
Sejatining asmara
Samubarang tan bisa lali
Tresna satuhu luwih saka rama lan ibu
Tresna
sejati, amung nduweke Gusti
Tidak ada komentar:
Posting Komentar