Minggu, 17 Januari 2016

Kumpulan Geguritan


Sepasang nanging ora padha
Sepasang kiwa tengen
Padha nanging bedha
Nglangkah bareng
Nanging ora bareng
Bedha nanging ora bisa dipisahake
Sepatu...
Panggonane ning ngisor
Nanging ora bisa disepelekake gunane
Sikil ora ana sepatu bakal gampang lara

Aku..
Apa kudu aku
Sing ngalah ?
Ben kowe ora nandhang susah
Apa merga kahanan iki
Ora nggenah ?
Kabeh mau banjur dadi bubrah
Mung sabarku karo awakmu
Awit saka janjiku marang sliramu
Ora arep nesu-nesu
Mung pengenku awakmu
Bisa ngguyu...

Digawe saka beras
Dibungkus nganggo godhong
Godhonge godhong gedhang
Bunder, dawa bentukane
Tempe, kentang biasane kang dadi isi
Sega padhet ning njero godhong
Lemper..
Lumayan bisa kanggo ganjel weteng
Weteng kang ngelih
Nanging ora cukup yen mangan mung siji

Pring...
Uripmu ora bisa urip dhewean
Uripmu bebarengan karo pring-pring liyane
Gerombolan nanging ora sak wit
Ijo...
Werna kang nenangake ati
Werna kang gawe adem
Werna kang ora gawe silau
Pring ijo...
Bunder dawa bolong tengahe
Ana sekate
Ana lugut cilik-cilik
Lugut kang gawe gatel

Cah ayu...
Cah bagus...
Kang manis eseme
Lambe abang Kang ketarik kiwa tengene
Mesem
Manis esemu  gawe atiku sumringah
Ora karuan
Manis eseme sing ndadekake kangen
Kangen marang sliramu
Ora muluk-muluk pengenku
Mung pengen weruh manis eseme



Angin...
Ora kethok ning mata
Nanging bisa dirasakake
Seger.. adem..
Sumilirmu bisa gawe ademing ati
Ati kang lagi gemrungsung
Ora tenang
Nalika ngadem ning ngisor wit-witan
Ngrasakake sumilire angin
Rasa kang rekasa bisa ilang

Kuning wernamu
Kaku awakmu
Tiba saka witmu
Ora adoh anggonmu tiba
Godhong garing..
Garing merga musim
Musim panas kang sumelet
Godhong garing nanging akeh manfaate
Pupuk organik salah sijine

Detik baka detik
Menit baka menit
Jam baka jam
Namung sliramu yayi
Sing ana ing ati
Namung sliramu yayi
Sing mesthi tak enteni
Namung sliramu yayi
Sing bisa gawe senenging ati
Sliramu.. iya sliramu..
Kowe ana ngendi ?
Aku sanajan ngenteni

Wis tak enteni awit suwi
Sliramu sing panggone mbuh ning endi
Esuk, awan, sore, wengi
Namung pengen kowe bali
Kapan balimu ?
Aku kangen sliramu
Lunga ora pamit karo aku
Gawe atiku gemrungsung ora nemtu

Lampu abang karo ijo
Satemene urip, padha kaya lampu iku
Sapa kang mandheg nalika abang
Bakal slamet
Nanging, sapa kang ora waspada
Bakal cilaka..
Lampu bangjo..
Urip ijo sakwise abang
Urip abang sakwise ijo
Sawetara wektu, ana lampu kuning
Sapa waspada bakal mulya
Sapa durjana bakal sangsara

Nalika ing kono ing panggonan kang indhah iku
Kang gawe bungah ing ati
Ing nalika iku
Aku ditemokake marang sliramu
Bidadari kang tumurun saka langit
Bidadari sing ayu
Kang nduweni tata lan krama
Becik budine lan pekertine
Namung sliramu
Kang gawe atiku kepincut
Lan namung sliramu
Sing ora bakal bisa di ganti

Nalika larane ing ati iki
Nggawe urip ora ana maknane
Nanging,
Kabeh njelma
Njelma mung sak kedheping mata
Tekamu ing kene
Anggawe kaedahan
Kaedahan kang ora ana ilange
Sliramu,
Kaya embun kang gawe adheming ati
Kaya srengenge kang gawe angeting raga

Paraupanmu pancen ayu
Mripat loro kang mlolok
Irung kang mbangir
Lan pipi kang gebil
Pacaanmu pancen modis
Nganggone kudung kang membre-membre
Klambi kang rapi
Lan ketok anyar
Sabamu, mesti menyang mol
Menyang super market
Lan ora tau saba alas
Dhuwitmu pancen akeh
Nanging apa pancen kui dhuwitmu ?

werna abang tur panas
kaya dene mangsa iki
panas...
ana geni murub cilik disenengi
ana geni gedhe dipateni
uripmu migunani sawetara,
ora waspada uripmu cilaka...
geni...
ora ana sing ngerti...

Sirahku mumet
Sirahku ngelu cenat-cenut
Sirahku lara banget
Mumet merga mikir tugas
Mumet pas lagi golek tugas
Mumet merga kakean tugas

Tugas kang anel di pikir
Tugas sing gawe utek ndleder
Tugas sing nggawe ora ana wektu kanggo ngiler
Rasane nggawe aku kepengin lunga
Nggawe aku kenteken daya
Sing penting aku tetep legawa

Tugas kang akeh ora cepet rampung
Nganti lali ora papung
Merga nang kamar terus kaya di kurung
Tugas kang gawe pikiranku mumet
Kepingin nangis nanging tetep tak empet

Merga nek aku nagis di kira kesambet
Kayane aku kepingin refreshing
Munggah gunung utawa panjat tebing
Banjur aku madhang entek rong piring

Galau iku apa?
Galau iku panganane sapa?
Apa galau iku sing duwe wong tuwa?
Apa malah sing lagi nglakoni iku wong liya?

Akeh wong padha ngrasa galau
Akeh wong ngomongake galau
Nanging aku ora ngerti apa iku galau
Apa galau iku panganan
Utawa galau iku dolanan
Apa galau iku sing jenenge ageman
Aku dadi bingung
Dadi kaya wong linglung
Tur akeh sing ngrani aku gemblung
Merga ukara galau sing aku ora mudheng
Jarene galau iku rasa

Rasa legi sing diduweni gula
Utawa sing di duweni kurma
Mung kowe sing ngerti
Lan kowe sing bisa ngrasani
Rasa iku mung kowe sing nduweni

Tugas oh tugas
Kowe kok angel
Kowe kok bisa nggawe kesel
Tur nggawe utekku kesel
Tugas oh tugas

Aku kepingin kowe cepet rampung
Ben ora ketampung
Di tampung ana ing karung
Karung sing numpuk undung
Tugas oh tugas

Ngapa kowe akeh
Ngapa kwe nambah meneh
Ngapa kowe ora ngalih
Tugas oh tugas


Saiki jamane jaman edan
Jamane wanita wis ora perawan
Merga pacarane keterlaluan
Wong-wong ya ora cetha
Urip wis ora duwe guna
Kaya mlakune wong sing ora cetha
Ngayawara tanpa guna
Kaya uripe wong bingung
Ora nerti panggonan dadi linglung

Akeh wong padha maksiat
Ora ana sing gelem padha tobat
Palah akeh sing mabok merga ngobe obat
Ya iku jaman edan
Numpak montor mesti kebut-kebutan
Kaya wong kesurupan
Merga di hasut karo setan



Lanang lan wadon padha ketemu ing taman
Taman kang sepi pelanggan
Sing mung isine wong sing lagi kasmaran
Merga tresna sing tenanan
Lan ora mung dolanan
Pacaran iku rasa tresna
Kang nyawiji ake raga
Ragane putri lan putra
Ana ing ketaman asmara
Wong sing pacaran ora kelingan apa-apa
Merga wis bengi ya tetep lunga
Nganggone pakeyan sing prasaja
Ora mung asal nganggo sing ana
Wong pacaran iku jare seneng-seneng
Ya merga ora anteng
Mesti ora padha meneng
Lan padha gumbremeng
Ya iku sing jenenge pacaran
Saben bengi mesthi padha keliaran
Ora perduli ana ing dalan
Mesti padha mesra-mesraan

Tontonanku bien iku cartoon
Dudu sinetron
Utawa filem cinta-cintaan
Wong sing tak tonton iku doraemon
Amarga iku gaweyane wong wetan dudu wong kulon
Nanging saiki

Mesti tontonane medi
Nanging ora medeni
Palah gawe gregete ati
Dudu merga apane
Nanging merga sarune

Sing ora sae nek di tonton bocah cilik
Bocah sing durung ngerti ala lan apik
Merga mengko bisa niru
Kelakuan sing saru
Tur iku wagu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar