Minggu, 17 Januari 2016

CERKAK


Dening Eka Indri Meliyanti




“melu persami kowe Dik ?” ujar Udin ngageti.
“haiisshh melu rah. Kowe melu ora ?” jawabku “ya melu ta ya”
Ya aku Dika. Aku saiki kelas X SMA ning kutha. Jare kanca-kancaku aku kuwi pendek kuntet kaya tuyul . nanging untung wae aku ora gundul. Kanca-kancaku pancen padha seneng ngledek aku kaya ngana. Nanging aku wis biasa marga ya pancen aku ya kaya ngono nyatane. Kulitku putih ya ora, ireng ya ora. Irungku pesek ya ora mancung ya ora. Fisikku ora jelas kaya uripku ora jelas.
Sekolahku arep nganakake persami kanggo kelas X. Biyasa kaya sekolah-sekolah liyane. Persami diwajibake kanggo siswa kelas X kanggo ndidik siswa dadi siswa sing disiplin. Aku sing bocah malesan sakjane ya ora seneng melu kaa mangkonoan. Nanging ya marga diwajibake gelem ora gelem ya kudu melu.
Aku ning sekolah dikenal dening kanca-kanca kuwi bocah cupu. Bocah polos. Bocah or ngerti apa-apa. Marga kuwi nalika MOS aku sing dadi mangsane para senior. Aku dikerjani kana kene. Dikon rana rene. Dikon apa wae sing aneh-aneh.
“wis kumpul kabeh ? kancamu dicek siji siji apa ning kene kabeh ? aja nganti ana sing ketinggalan” prentahe pak joko guru pembimbing pramuka ning sekolahku.
“sampun sedaya pak” jawabe murid-murid barengan.
Murid-murid banjur padha munggah bis. Sakwise mlebu kabeh, bis jalan.
Sakbare tekan kana, pak Joko ngumumake agenda persamimengko. Salah sijine jerit malam.
Krungu jerit malam bocah-bocah padha ngedumel dhewe dhewe.
Wengi pisanan lancar-lancar wae ora ana sing aneh-aneh.
Nanging tibane wengi kapindho, wektune jerit malam, padha wedi kabeh. Para murid dikon nutup matane nganggo slendang sing wis disiapake saka omah. Banjur para murid kuwi diarahake menyang makam. Tekan kana tutup mata mau dikon buka. Ning makan kana para murid dikon nggolek pin pramuka. Jare pak joko kanggo tandha wis melu persami.
Sakbare dibuka, diumumake, para murid banjur padha mencar-mencar golek pin.
“dik, kowe ning ndi ?” lirihe udin.
“ning kene din” jawab dika wedi
Ning kana ora ana penerangan babar blas. Sengaja dipateni dening panitiane.
Nanging ning tengah-tengah peteng kuwi Dika weruh wong nganggo klambi serba putih ning cedhak wit ringin. Ning tengah makam kuwi pancen ana wit ringine.
Dika pisanan weruh iku tetep biasa wae. Nanging kapindhone dhekne weruh sosok kuwi maneh langsung bengok bengok keweden.
Krungu swarane Dika, kabeh bocah padha melu bengok-bengok.
dadi swasana jerit malam saya ora genah.
Sosok wong nganggo putih mau ora mung siji. Nanging ana telu kasebar ning endi-endi. Padha weruh kuwi banjr padha mlayu mrana mrene bengak bengok.
Wis rada padhang banjur ketok sapa sosok ning mburi putih putih mau. Ternyata emang sengaja digawe-gawe dening panitia.
Wengi ketelu acarane pentas seni api unggun. Para murid padha seneng-seneng.
Sakbare api unngun banjur padha dikon turu. Nanging ana 1 bocah wadon jerat jerit saka jero tenda. Dhekne wis turon ning tenda kwit mau, dhekne ditakoni ngapa kok bengak bengok jare weruh sosok putih mu maneh.
Nanging pak joko karo panitia ora padha gawe rekayasa maneh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar