Pak Presiden...
Aku iki wong mlarat
Mataun-taun urip kesrakat
Ngambus emas liwat,
Aku ora kuwat
Apa maneh nduwe plakat?
Pak Presiden..
Kandhamu aku generasi kukuh,
Laku jantraku ngangsu kawruh
Mangkat esuk tangi subuh
Ning, ganti saiki aku ora saguh,
Geneya? Geneya?
Pak Presiden..!!
Aku iki wong mlarat
Mataun-taun urip kesrakat
Menawa tan kena sambat
Panduming Gusti Kang Murbeng Jagad
Aku tinuku manungsa
Rame nalika bada lan pasa
Aku dibukak manungsa
Lingsire baskara tumuju buka
Ning, aku bakal dadi buku
Buku lawas ing cepitan rak biru
Anteng, meneng adus lebu
Tinarbuka yen mung kudu
Saiki saya arang
Maca kitab cagak sembarang
Kaya-kaya aku ilang
Ngelmu Islam ngambar ing awang-awang
Lakune wong urip
Nyandak ati apa arit
Ati kacandhak, urip kepenak
Arit njlurit, urip morat-marit
Lakune manungsa
Nuju swarga apa neraka
Swarga datan kena dosa
Neraka panggone janma tanpa guna
Kenangan iki ,
Kenangan kang wes kedadian suwe
Kenangan kang endhah
Nalika,
Ana ing jaman semana
Jaman isih cilik
Saiki,
Jaman sing wis ngerti ala kan becik
Jaman kanggo pangarep-arep gaweyan
Nanging,
Kenangan dek kwi
Tetep ora bakal di lakokke
Saka ati
Saka pikiran
Lan saka uripku
Aku iki apa?
Sing cilik, ora duweni kuwasa
Setitik ora nduweni guna
Ning aku isih akeh sing golek
Aku iki apa?
Ora bisa diukur kapan
Ora bisa diwaca keningapa
Nanging,
Aku bisa gawe akeh mulya,
Ademing donya, segering gegodhongan
Sumunar rembulan wayah bengi
Krik-krik...krik...krik-krik
Swara kewan cilik
Oh...
Kae swara jangkrik, cah...
Lha ana apa iki,
Rina iki, wengi iki
Swasana katon beda kaya sakdurunge
Lha dalah,
Jebul iki wayah padhang bulan,
Sumunare gawe swasana dadi padhang
Wayah wengi kang peteng,
Ana swara tanpa bisa dirupa.
Sanadjan seru swara iku,
Aku namung bisa ngrungokake
Swara mau ing wayah wengi
Swara kang dadi kekancanan rembulan
Angin wengi kang sumilir
Duh, Gusti...
Kula tiyang cilik kang ora bisa apa-apa
Kula inggih boten saged...
Duh, Gusti...
Saben wektu, saben wengi...
Menapa urip iki sangsaya panas...
Para panggedhe dadya luwih mulya
Para alit sangsaya kemripit sakit
Gusti...
Namung siji kang dadi panyuwunku
Kula kapingin dadya manungsa kang becik
Ora adoh saka dalan sing bener...
Wayah isuk,
Mlaku sakpinggire dalan kene
Aku weruh bocah putih abang mlaku
Reruntungan karo gegojegan
Mlebu jero angkot
Gunemku,
Kepenak ya jaman saiki
Mangkat sekolah, ana sing numpak montor
Ana sing numpak angkot
Ananging,
Jamanku ya isih kepenak,
Mlaku adoh ora patiya kerasa
Merga kekancanku mesthi gojegan
Kanthi aku liyane kepingkel
Nyawang doh garis cakrawala
unjal ambegan ngedohi seseking dhadha
mili, tumetes luh lumantar pipi
wewayang kang ngreridhu ati
Duh Gusti.. dalan urip pancen siji
Gusti paring merga kersa
Gusti kersa merga tresna
He manungsa! Weruha!
Tan ana wani,
nglungani pocapaning Gusti
Tan ana ngerti,
Reroncening takdir bakal dumadi
Pancen mati ginaris dening Ilahi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar