Dening Eka Indri Meliyanti
“cita-citamu apa ndhuk besuk gedhe ?” takon
Sri ning ngarep kelas nudhing salah siji bocah.
Ya
Sri kuwi guru TK, lulusan salah siji universitas negeri ana ing Semarang. Sri
wis telung sasi ngabdi dadi guru TK ning cedhak omahe. Ning desa bocah kuliahan
ya wis apik, derajate wis beda. Sri dikenal ning wong-wong desane ya bocah sing
pinter kawit jaman SD. Mulane dhekne bisa mlebu kuliah.. Sri uripe mung karo bapake. Sri wis ditinggal
ibuke seda kawit umure 5 taun. Bapake Sri mung guru SD ning ngarep omah. Ngerti
sepira gajihane dadi guru, bapake Sri sakjane ora setuju yen Sri dadi guru TK.
Pikire bapaku kuwi aku kuliah adoh-adoh ning salah siji universitas negeri ana
ing Semarang malah mung dadi guru TK. Sing gajihe mung sepira. Nanging Sri sing
sing kawit cilik wis ditinggal ibuke, seneng yen weruh bocah-bocah cilik sing
diwulang dhekne kae saben dinane didater dening ibuke, dhekne sing ora bisa
ngalami kuwi ngrasa seneng weruh bocah-bocah kuwi. Tur dhekne uga pancen seneng
karo bocah cilik.
“kowe
kuwi lulusan universitas apik ndhuk, kowe ora pengen golek pagaweyan sing
gajihane luwih akeh tinimbang dadi guru TK ? apamaneh kowe kuwi ora kuliah ning
bidang pendidikan ndhuk.” tuture bapake Sri kuwi sing mesthi dieleing-eling,
ditimbang-timbang saben dinane. Tuture ibuke Sri kuwi saya suwe saya gawe Sri
bimbang.
Saben
dina Sri sadurunge mangkat gawe, Sri tangi esuk nggawekake sarapan kanggo
bapake. Marga sapa maneh sing arep ngurusi bapak yen dudu Sri. Sri wis ninggal
bapake kuliah ning Semarang patang taun, saiki dhekne arep ngabdi balas budi
ning bapake. Mula saka kuwi Sri nimbang-nimbang banget omongane bapak.
Akhire
saben balik saka mulang, Sri mesthi tuku koran ning ngarep sekolah kanggo golek
info-info pagawean. Sri golek sing kira-kira cocok karo jurusane.
“Sri,
ana surat kanggo kowe” ujare bapak saka ngarep omah.
“nggih
pak” Sri njawab saka jero kamare. Banjur metu menyang bapake.
Surat
kuwi banjur dibuka. Sri seneng banget ora bisa ngomong apa-apa. Sri mung bisa
nyikep bapake karo nangis. “pak, kula ketrima kerja wonten ing perusahaan
swasta Jakarta”
Suci
nangis sesenggukan. Banjur nerusake omonge. “sri seneng pak, saged mujudake
menapa ingkang dakkepengenake dening bapak, nanging Sri nggih boten tegel
menawi kedah ninggal bapak malih dhateng luar kutha pak” Sri ngeculake sikepe,
weruh bapake uga nangis. “kados pundi pak ? bapak menapa tenanan ngangsalaken
Sri magawe wonten ing Jakarta pak ?” Sri ngusap eluhe bapake sing netes ning
pipi.
“sakjane
ya ora ndhuk, lha kowe pengene piye ? bapak ora arep maksa kowe maneh. Magawea
sing dadi sasenenganmu ndhuk” jawabe bapake Sri nenangake.
“sri
sejatosipun nggih kepengen pak nyenengaken bapak, mujudaken menapa ingkang
dakkepengenaken bapak, nanging menika Sri boten pengen ninggalaken bapak
kiyambek wonten griya. Menapa bapak taksih dereng setuju menawi Sri dados guru
TK ?”
“yen
kuwi sing dadi pilihanmu orapapa Sri. Bapak ora bakal meksa maneh”
“nggih
pak matur suwun”
Sri
nangis sinambi nyikep bapake maneh. Sri banjur tetep mulang dadi guru ning TK
kuwi maneh. Sing akhire setaun sakwise kedadeyan kuwi mau Sri diangkat dadi
pegawe negeri.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar