PUPUH XII
S I N O M
S I N O M
01 Ambeke kang wus utama, tan
ngendhak gunaning jalmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi, pintere den
alingi, bodhone didokok ngayun, pamrihe den inaa, mring padha padhaning jalmi,
suka bungah den ina sapadha-padha.
Perilaku orang yang telah
mencapai tataran sempurna tidak akan membatasi atau mencela kepandaian orang
lain, kepandaiannya disembunyikan sedangkan kebodohannya ditampilkan agar
dihina, jangan sampai ada yang menyebutnya pandai, ia merasa bahagia jika ada
yang menghinanya
02 Ingsun uga tan mangkana,
balilu kang sun alingi, kabisan sun dokok ngarsa, isin menek den arani,
balilune angluwihi, nanging tenanipun cubluk, suprandene jroning tyas, lumaku
ingaran wasis, tanpa ngrasa prandene sugih carita.
Aku pun tidak begitu, kebodohankulah
yang aku tutupi dan kepandaianku yang aku kedepankan karena malu jika disebut
bodoh oleh orang lain, padahal aku bodoh namun ingin disebut pandai sehingga
tanpa sadar (aku) banyak bercerita bohong
03 Tur ta duk masihe bocah, akeh
temen kang nuruti, lakune wong kuna-kuna, lelabetan kang abecik, miwah carita
ugi, kang kajaba saking embuk, iku kang aran kojah, suprandene ingsun iki, teka
nora nana undaking kabisan.
Padahal ketika
aku masih kecil banyak yang bercerita tentang perilaku orang jaman dulu
mengenai pengabdian yang baik serta cerita, termasuk cerita yang tidak benar
adanya yang disebut dongeng, meskipun demikian, kepandaianku tidaklah bertambah
04 Carita nggonsun nenular, wong
tuwa kang momong dingin, akeh kang padha cerita, sun rungokna rina wengi,
samengko isih eling, sawise diwasa ingsun, bapa kang paring wulang, miwah ibu
mituturi, tatakrama ing pratingkah karaharjan.
Adapu cerita yang kuberikan
ini kuturunkandari orang tua yang mengasuhku dulu, banyak cerita yang
kudengarkan baik siang maupun malam sampai sekarang masih aku ingat. Setelah
aku dewasa, ayah yang memberiku nasihat, sedangkan ibu yang mengingatkan
tentang tata karma dan tingkah laku kebaikan
05 Nanging padha estokana,
pitutur kang muni tulis, yen sira nedya raharja, anggone pitutur iki,
nggoningsun ngeling-eling, pitutur wong sepuh-sepuh, mugi padha bisa, anganggo
pitutur iki, ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.
Namun turitilah nasihat
yang tertulis ini, jika kau menghendaki keselamatan, laksanakan nasihat yang
kuingat dari tetua, mudah-mudahan kalian dapat melaksanakan nasihat ini,
sebab ajaran orang tua akan membawa berkah
06 Lan aja nalimpang madha,
mring leluhur dhingin dhingin, satindake den kawruhan, ngurangi dhahar lan
guling, nggone ambanting dhiri, amasuh sariranipun, temene kang sinedya,
mungguh wong nedheng Hyang Widdhi, lamun temen lawas enggale tinekan.
Dan jangan ada yang berani
mencela leluhur. Pahami laku berupa mengurangi makan dan tidur dengan cara
‘menyakiti’ diri untuk membersihkan diri sehingga akhirnya tercapai segala yang
diinginkan. Adapun orang yang memohon kepada Yang Mahakuasa, cepat atau lambat
akan dikabulkan jika sungguh-sungguh.
07 Hyang sukma pan sipat murah,
njurungi kajating dasih, ingkang temen tinemenan, pan iku ujare Dalil, nyatane
ana ugi, nenggih Ki Ageng Tarub, wiwitira nenedha, tan pedhot tumekeng siwi,
wayah buyut canggah warenge kang tampa.
Bukankah Yang
Mahamulia itu memiliki sifat Mama Pemurah yang mengabulkan segala keinginan
yang sungguh-sunguh. Bukankah demikian yang dikatakan hadits. Buktinya juga
ada. Ki Ageng Tarub tak henti-hentinya memohon sehingga anak, cucu, buyut,
canggah, wareng ikut mewarisinya
08 Panembahan senopatya, kang
jumeneng ing Matawis, iku barang masa dhawuh, inggih ingkang Hyang Widdhi,
saturune lestari, saking berkahing leluhur, mrih tulusing nugraha, ingkang keri
keri iki, wajib uga niruwa lelakonira.
Panembahan Senopati yang
memerintah di Mataram pun berkesesuaian dengan dengan anugrah Yang Mahaesa
keturunasnnya berkuasa turun temurun dari berkah leluhur . agar berkahmu
lestari, seyogyanya kau ikuti laku
09 Mring leluhur kina-kina,
nggonira amati dhiri, iyasa kuwatanira, sakuwatira nglakoni, cegah turu
sathithik, lan nyudaa dhaharipun, paribara bisaa, kaya ingkang dingin dingin,
aniruwa sapretelon saprapatan.
Para leluhur jaman dulu.
‘Menyiksa diri sudah barang tentu semampumu, semampu kau melaksanakannya.
Kurangi sedikit tidur dan makanmu. Tidak perlu meniru seluruhnya perilaku
leluhur, sepertiganya atau seperempat saja sudah cukup
10 Pan ana silih bebasan, padha
sinauwa ugi, lara sajroning kapenak, lan suka sajroning prihatin, lawan ingkang
prihatin, mana suka ing jronipun, iku den sinauwa, lan mati sajroning urip,
ingkang kuna pan mangkono kang den gulang.
Bukankah ada
peribahasa ‘belajarlah dalam nikmat, sakit dalam sehat, senang dalam
penderitaan, prihatin dalam kesukaan, dan matilah dalam hidup. Begitulah laku
orang jaman dulu
11 Pamore gusti kawula, punika
ingkang sayekti, dadine socaludira, iku den waspada ugi, gampange ta kaki,
tembaga lan emas iku, linebur ing dahana, luluh awor dadi siji, mari nama
tembaga tuwin kencana.
Perhatikan pula
manunggaling kawula gusti yangsesungguh-sungguhnya bagai sotyaludira (roh
suci). Secara sederhana, Anakku, emas dan tembaga itu lebur dalam api,
bercampur menjadi satu, hilanglah nama tembaga dan emasnya
12 Yen aranana kencana, dene wus
awor tembagi, yen aranana tembaga, wus kaworan kancanedi, milanya den westani,
aran suwasa punika, pamore mas tembaga, mulane namane salin, lan rupane sayekti
yen warna beda.
Jika dinamakan
emas sudah bercampur tembaga, jika disebut tembaga sudah bercampur dengan emas,
oleh karenanya disebutlak suasa yang merupakan campuran mas dan tembaga. Adapun
namanya berubah karena warna dan wujudya berubah
13 Cahya abang tuntung jenar,
puniku suwasa murni, kalamun gawe suwasa, tembaga kang nora becik, pambesate
tan resik, utawa nom emasipun, iku dipunpandhinga, sorote pasthi tan sami, pan
suwasa bubul arane punika.
Suasa murni berwarna merah
kekuning-kuningan . jika membuat suasa dengan tembaga yang tidak baik,
pegolahannya tidak bersih, atau masnya muda, maka tidak akan bercahaya,
namanya pun suasa bubul
14 Yen sira karya suwasana,
darapon dadine becik, amilihana tembaga, oliha tembaga prusi, biresora kang
resik, sarta masira kang sepuh, resik tan kawoworan, dhasar sari pasti dadi,
iku kena ingaranan suwasa mulya.
Jika kau ingin membuat
suasa yang baik, pilihlah tembaga yang baik, syukur-syukur jika mendapatkan
tembaga prusi, diolah dengan bersih, emas tua dengan dasar sari yang tidak
tercampuri, hasilnya adalah suasa mulia
15 Puniku mapan upama, tepane
badan puniki, lamun karsa ngawruhana, pamore kawula Gusti, sayekti kudu resik,
aja katempelan napsu, luwamah lan amarah, sarta suci lahir batin, pedimene apan
sarira tunggal.
Itu hanyalah
sebuah perumpamaan sebagai ukuran badan ini. Jika kau ingin memahami
manunggaling kawula gusti, sesungguhnya harus bersih, jangan terhinggapi nafsu
lawamah dan nafsu amarah, serta suci lahir batin agar jiwamu hening
16 Lamun mangkonoa, sayektine
nora dadi, mungguh ilmu kang sanyata, nora kena den sasabi, ewoh gampang
sayekti, punika wong darbe kawruh, gampang yen winicara, angel yen durung
marengi, ing wetune binuka jroning wardaya.
Jika tidak demikian,
yakinlah tidak akan terjadi. Mempelajari ilmu yang sejati didak boleh diduakan.
Bagi yang belum memperoleh pengetahuan memang repot jika tidak sungguh-sunguh.
Mudah berbicara namun sulit jika belum terbuka
17 Nanging ta sabarang karya,
kang kinira dadi becik, pantes yen tinalatenan, lawas-lawas bok pinanggih, den
mantep ing jro ngati, ngimanken tuduhing guru, aja uga bosenan, kalamun arsa
udani, apan ana dalile kang wus kalawan.
Namun demikian, segala hal
yang diperkirakan baik, itu layak jika kau tekuni, lama-kelamaan juga akan kau
temukan dan menetap dalam hatimu. Yakini petunjuk guru, jangan cepat bosan jika
hendak mencapai kemuliaan karena memang demikianlah hukum yang sudah tertuang
dalam dalil
18 Marang leluhur sedaya, nggone
nenedha mring Widhi, bisaa ambabonana, dadi ugere rat Jawi, saking telateneki,
nggone katiban wahyu, ing mula mulanira, lakune leluhur dingin, andhap asor
anggone anamur lampah.
Seluruh leluhur jaman dulu
dalam memohon kepada Yang Mahakuasa agar dapat menguasai Negara dan menjadi
pusat tanah Jawa diperolehnya melalui wahyu karena mereka rendah hati
dalam melaksanakan laku
19 Tampane nganggo alingan, pan
padha alaku tani, iku kang kinaryo sasap, pamriha aja katawis, jub rina lawan
kabir, sumungah ingkang den singkur, lan endi kang kanggonan, wahyune karaton
Jawi, tinampelan anggape pan kumawula.
Laku dilaksanakan secara
diam-diam sambil bertani. Sikap seperti itu dilakukan agar tidak kentara serta
bersikap tidak menyombongkan kemampuan diri bahkan mau mengabdi kepada siapapun
yang memperoleh wahyu keraton jawa.
20 Punika laku utama, tumindak
sarto kekaler, nora ngatingalke lampah, wadine kang den alingi, panedyane ing
batin, pan jero pangarahipun, asore ngemurasa, prayoga tiniru ugi, anak putu
aja ana ninggal lanjaran.
(penyamaran) Itulah laku
yang utama, tidak menampakkan bahwa ia sedang menjalankan laku, sehingga yang
disamarkan itu merupakan cita-cita tersembunyi dalam hati, jauh dikejar karena
di situlah manungaling kawula gusti mencapai kedalaman. Hal demikian baik jika
ditiru, Anak cucuku agar tidak kehilangan keturunan
21 Lan maning ana wasiyat,
prasapa kang dingin dingin, wajib padha kawruhana, anak putu ingkang kari, lan
aja na kang wani, nerak wewaleripun, marang leluhur padha, kang minulyakaken
ing Widdhi, muga-muga mufaatana ing darah.
Dan ada lagi wasiat berupa
tabu yang terucap pada jaman dulu. Wajib kau ketahui sebagai anak cucu yang
terakhir, dan jangan ada yang berani melanggar tabu leluhur yang dimuliakan
oleh Yang Mahaesa. Mudah-mudahan bermanfaat bagi keluarga besar
22 Wiwitan ingkang prasapa, Ki
Ageng Tarup memaling, ing satedhak turunira, tan linilan nganggo keris, miwah
waos tan keni, kang awak waja puniku, lembu tan kena dhahar, daginge pan nora
keni, anginguwa marang wong wadon tan kena.
Yang pertama
kali mengucapkan tabu adalah Ki Ageng Tarub. Ia berpesan agar keturunannya
tidak mengenakan keris dan tumbak yang terbuat dari baja, tidak boleh makan
daging sapi, dan tidak boleh memelihara abdi perempuan wandan
23 Dene Ki ageng Sela, prasape
ingkang tan keni, ing satedhak turunira, nyamping cindhe den waleri, kapindhone
tan keni, ing ngarepan nandur waluh, wohe tan kena dhahar, Panembahan Senopati,
ingalaga punika ingkang prasapa.
Adapun Ki Ageng Sela
mengucapkan tabu, bahwa keturunannya tidak diperbolehkan berkain cindai, tidak
diperbolehkan menanam labu di depan rumah dan tidak boleh memakan buahnya.
Panembahan Senapati Ingalaga mengucapkan tabu
24 Ingkang tedhak turunira,
mapan nora den lilani, anitiha kuda napas, lan malih dipun waleri, yen
nungganga turangga, kang kakoncen surinipun, dhahar ngungkurken lawang, wuri
tan ana nunggoni, dipun emut punika mesthitan kena.
Bahwa keturunannya tidak
diperkenankan mengendarai kda berwarna abu-abu kekuning-kuningan dan dilarang
menunggang kuda yang surainya dikepang, makan membelakangi pintu kecuali di
belakangnya ada yang menjaga. Ingatlah dan jangan ada yang melanggar itu
25 Jeng Sultan Agung Mataram,
apan nora anglilani, mring tedhake yen nitiha, kapal bendana yen jurit, nganggo
waos tan keni, lamun linandheyan wregu, datan ingaken darah, yen tan bisa
nembang kawi, pan prayoga satedake sinauwa.
Kanjeng Sultan Agung
Mataram mengucapkan tabu bahwa keturunannya tidak diperkenankan menunggang kyda
yang rewel jika diajak bertempur, tidak memperkenankan tumbak ang bergagang
kayu wregu vserta tidak akan diakui sebagai keturunan (Mataram) jika tidak
dapat membaca tembang kawi dan mengharuskan belajar tembang kawi
26 Jeng Sunan Pakubuwana, kang
jumeneng ing Samawis, kondur madek ing Kartasura, prasapanira anenggih, tan
linilan anitih, dipangga saturunipun, Sunan Prabu Mangkurat, waler mring
saturunreki, tan rinilan ujung astana ing Betah.
Kanjeng Sunan Pakubuwana
yang dilantik di Semarang kemudian berkuasa di Kartasura mengucapkan tabu bahwa
keturunannya tidak diperbolehkan menunggang gajah. Sunan Prabu Amangkurat
mengucapkan tabu bahwa keturunannya dilarang berziarah ke makam Butuh
27 Lawan tan kena
nganggowa, dhuwung sarungan tan mawi, kandelan yen nitih kuda, kabeh aja na
kang lali, lawan aja nggogampil, puniku prasapanipun, nenggih Kang jeng
Susunan, Pakubuwana ping kalih, mring satedhak turunira linarangan.
Jika sedang
menungang kuda tidak boleh menyandangkeris tanpa pendhok. Janganlah kau
meremehkan tabu-tabu di atas. Adapun Kanjeng Susuhunan Pakubuwana II
mengucapkan tabu bahwa keturunannya dilarang
28 Dhahar apyun nora kena,
sinerat tan den lilani, nadyan nguntal linarangan, sapa kang padha nglakoni,
narajang waler iki, pan kongsi kalebon apyun, pasti keneng prasapa, linabakken
tedhakneki, Kanjeng Sunan ingkang sumare Nglawiyan.
Madat, baik dihisap maupun
dimakan. Barang siapa melanggar tabu dengan madat akan dikeluarkan dari daftar
keturunan Kanjeng Sunan yang dimakamkan di Laweyan
29 Prasapa Kangjeng Susunan,
Pakubuwana kaping tri, mring satedhak turunira, apan nora den lilani, agawe
andel ugi, wong sejen ing jinisipun, apan iku linarangan, anak putu wuri-wuri,
poma aja wani anrajang prasapa.
Adapun Kanjeng
Susuhunan III mengucapkan tabu bahwa keturunannya tidak diperbolehkan
mengangkat orang kepercayaan yang bukan berasal dari bangsa sejenis, serta anak
cucu tidak diperkenankan melanggar larangan
30 Wonten waler kaliwatan,
saking luhur dingin dingin, linarangan angumbaha, wana Krendhawahaneki, dene
kang amaleri, Sang Danan Jaya rumuhun, lan malih winaleran, kabeh tedhak ing
Matawis, yen dolana mring wana tan kena.
Masih ada tabu
leluhur ang terlewat, yaitu dilarang merambah Hutan Krendhawana. Adapun yang
mengucapkan tabu tersebut adalah Dananjaya. Ada lagi tabu bagi keturunan
Mataram, yaitu tidak diperkenankan bermain-main di hutan atau rawa-rawa
31 Dene sesirikanira, yen tedhak
ing Demak nenggih, mangangge wulung tan kena, ana kang nyenyirik malih, bebet
lonthang tan keni, yeku yen tedhak Madiyun, lan payung dadaan abang, tedhak
Madura tan keni, yen nganggowa bebathikan parang rusak.
Adapun tabu bagi keturunan
Demak adalah mengenakan pakaian berwarna ungu, tabu keturunan Madiun adalah
kain panjang luntang dan paying berhias merah, tabu keturunan Madura adalah
mengenakan batik bermotif parang rusak
32 Yen tedhak Kudus tak kena,
yen dhahara daging sapi, yen tedhak Sumenep iku, nora kena ajang piring, watu
tan den lilani, lawan kidang ulamipun, tan kena yen dhahara, miwah lamun dhahar
ugi, nora kena ajang godhong pelasa.
Keturunan Kudus tidak boleh
makan daging sapi, keturunan Sumenep tidak diperkenankan makan dengan piring
batu, makan daging kijang, dan dilarang menggunakan daun plasa sebagai alas
makan
33 Kabeh anak putu padha,
eling-elingan ywa lali, prasapa kang kuna-kuna, wewaler leluhur nguni, estokna
away lali, aja nganti nemu dudu, kalamun wani nerak, pasti tan manggih basuki,
Sinom salin Girisa ingkang atampa.
Semua abak cucu, camkan dan
jangan lupa tabu zaman kuno warisan leluhur, patuhilah jangan sampai ada yang
melanggar. Barang siapa berani melanggar pasti tidak akan selamat dan yang
mendengar ini supaya giris (girisa merupakan isyarat pola tembang berikutnya,
yaitu girisa)
PUPUH XIII
G I R I S A
G I R I S A
01 Anak putu den estokna, warah
wuruke pun bapa, aja na ingkang sembrana, marang wuruke wong tuwa, ing lair
batin den bisa, anganggo wuruking bapa, ing tyas den padha santosa, teguhana
jroning nala.
Anak cucuku, turutilah
nasihat ayahandamu, dan jangan ada yang meremehkan nasihat orang tua. Biasakan
mendengar nasihat orang tua secara lahir batin, yakinlah dan teguhkan hatimu
02 Aja na kurang panrima, ing
pepasthening sarira, yen saking Hyang Moha Mulya, kang nitahken badanira, lawan
dipunawas padha, asor unggul waras lara, utawa beja cilaka, urip utawa antaka
Jangan ada yang kurang
bersyukur atas takdirmu, sebab takdir merupakan anugrah Yang Mahamulia yang
menciptakan dirimu. Di samping itu, ketahuilah bahwa hina dan mulia, sehat dan
sakit, bahagia dan celaka, serta hidup dan mati
03 Pan iku saking Hyang Suksma,
miwah ta ing umurira ingkang cedhak, lan kang dawa, wus pinasthi ing Hyang
Suksma, duraka yen maidowa, miwah yen kurang panrima, ing lokhilmahfut punika
tulisane pan wus ana.
Itu berasal dari Yang
Mahasuci, demikian pula umurmu yang panjang atau pendek sudah ditakdirkan oleh
Yang Mahasuci. Meskipun kau tidak percaya atau tidak menerimakannya, semua itu
sudah tersurat dalam laukhil mahfudz
04 Iku padha kawruhana, sesikune
badanira, aywa marang kang amurba, Kang Misesa, marang sira, yen sira durung
uninga, prayoga atatakona, mring kang padha wruh ing ma’na, iku kang para
ulama.
Sebaiknya ketahuilah
hukuman bagimu dari Yang Mahakuasa. Jika kau belum memahaminya, maka
bertanyalah kepada yang sudah mengetahui maknanya, yaitu para alim ulama
05 Kang wus wruh rahsaning
kitab, darapon sira weruha, wajib moka ing Hyang Suksma, wiwah wajibing kawula,
lan mokale kawruhana, miwah ta ing tatakrama, sarengat dipunwaspada, batal
kharam takokeno.
Yang telah menyelami makna
kitab agar engkau mengetahu apa yang dimaksud dengan sifat wajib dan mokal Yang
Mahaesa serta wajib dan mokal makhluk. Demikian pula kau ketahu dank au tanyakan
pula tata karma, syariat, batal, haram,
06 Sunat lan parlu punika,
prabot kanggo saben dina, iku uga dipunpadhang, patakonira den terang, lan aja
bosen jagongan, lawan kang para ulama, miwah wong kang sampun sampurna, kawruhe
marang Hyang Suksma
Sunah, dan wajib yang
menjadikan kelengkapan sehari-hari. Itupun pahami hakikatnya secara jelas.
Pertanyaanmu hendaknya rinci dan jangan bosan untuk berbincang dengan para
ulama serta orang yang telah sempurna pengetahuannya mengenai Yang Mahasuci
07 Tanapi ing tata karma, ing
tindhak-tandhuking basa, kang tumiba marang nistha, tuwin kang tumibeng madya,
lan kang tumba utama, iku sira takokena, marang kang para sujanma, miwah mring
wong tuwa-tuwa
Demikian pula perilaku tata
karma dan pengguaan bahasa yang berkedudukan rendah, yang berkedudukan sedang,
dan yang berkedudukan tinggi tanyakan pada para sarjana dan orang tua
08 Kang padha bisa micara, miwah
wong kang ulah sastra, iku pantes takonana, bias padhang ing tyasira, ana
kinarya gindhelan, pamuruke mring wong mudha, anuladha basaning sastra, utawa
saking crita
Yang bisa bicara dan olah
sastra. Mereka itu pantas kau tanyai agar jiwamu terang serta ada yang dapat
dijadikan pegangan karena caranya dalam menasihati orang muda menggunakandasar
dengan memetik sastra atau cerita
09 Lawan den sregep amaca,
sabrang caritanira, aja anampik wawacan, carita kang kuna-kuna, layang babad
kawruhana, caritane luhirira, darapon sira weruha, lelakone wong prawira
Serta rajinlah membaca
segala macam cerita. Jangan memilih bacaan. Ketahui dan camkan cerita-cerita
lama, babad, kisah leluhur, dan kisah para pahlawan
10 Miwah lakone padha, kang para
wali sadaya, kang padha oleh nugraha, asale saking punapa, sara kang para
satria, kang digedaya, lakune sira tirua, lelebetan kag utama
Demikian pula kisah para
wali yang memberoleh kanugrahan, bagaimana asal-muasalnya. Tirulak kesetiaan
dan pengabdian utama para kesatria yang digdaya dalam perang
11 Nora susah amirungga, mungguh
tindhaking satriya, carita kabeh pan ana, kang nistha lan kang utama, kang asor
kang luhur padha, miwah lakuning nagara, pan kabeh ana carita, ala becik sira
weruha
Tidak perlu mengkhususkan
pada perilaku kesatria, sebab segala cerita memiliki bagian yang hina danutama,
ada yang hina dan ada yang agung. Demikian pula kehidupan suatu Negara, ada
yang baik dan ada kisah yang jelek yang seyogyanya kau ketahui
12 Yen during mangerti sira,
caritane takokena, ya marang wong tuwa-tuwa, kang padha weruh ing carita, iku
ingkang dadhi uga, undhaing pinteranira, nanging ta dipunelinga, sabarang kang
kapiyarsa
Jika kau belum mengetahui
ceritanya, maka tanyakan pada orang-orang tua yang mengetahui cerita itu dengan
harapan dapat menambah pengetahuanmu. Meskipun demikian, ingatlah semua cerita
yang pernah kau dengar
13 Aja na tiru ing bapa,
kalakuwane kang ala, banget tuna bodho mudha, ketul tan duwe graita, nanging
anak putu padha, mugi Allah ambukaa, marang ing pitutur yogya, kabeh padha
angestokena
Jangan meniru
perilaku buruh ayahandamu yang sedemikian bodoh, bebal, dan tidak punya
perasaan, tetapi mudah-mudahan anak cucuku, Allah membukakan hatimu pada
nasihat yang baik dan kalian semua mematuhinya
14 Marang pituturing bapa, muga
padha kalakona, kabehpadha mituruta, panedhaningsun mring Suksma, lanang wadon
selameta, manggiha suka raharja, ing dunya prapteng akirat, den dohna sangsara
papa
mudah-mudahan kalian
melaksanakan dan mengikuti nasihat ayahandamu. Permohonanmu pada Yang Mahasuci,
semoga kalian, baik laki-laki maupun perempuan memperoleh keselamatan dan kebahagiaan
di dunia dan akhirat, serta dijauhkan dari kesulitan dan kesengsaraan
15 Olehe padha kekadhang, pada
atut aruntuta, marang sadulure padha, suguha dunya barana, lan padha sugiha
putra, pepeka jalu wanodya, kalawan maninge aja, nganti kapegatan tresna
Rukunlah persaudaraan
kalian, kaya harta dan banyak anak baik laki-laki maupun perempua, dan jangan
sampai putus tali cinta kasih
16 Padha uga den pracaya, aja
sumelang ing nala, kabeh pitutur punika, poma wahyuning Hyang Suksma kang
dhawuh marang ing sira, jalarane saking bapa, Hyang Suksma paring nugraha,
maring anakingsun padha
Di samping itu
percayalah danjangan ragu-ragu dalam hatimu terhadap semua nasihat ini.
Anggaplah sebagai wahyu yang disabdakanYang Mahasuci kepadamu melalui
ayahandamu. Semoga Yang Mahasuci member berkah kepada semua anakku
17 Den bias nampahi padha,
mungguh sasmitaning Suksma ingkang padha marang sira, wineruhken becik ala,
anyegah karepanira, kang marang panggawe ala, kang tumiba siya-siya, ya iku
paring Hyang Suksma
Semoga kalian
dapat memahami tanda-tanda yang diberikan Yang Mahakuasa kepada kalian
mengenai hal yang baik dan burukmencegah niatmu dari perbuatan buruk,
mencegahmu untuk melakukan hal jahat yang membawamu ke kehinaan. Itulah berkat
Yang Mahasuci
18 Paring peling marang sira,
tinuduhken ing marga, kang bener kanggo kang uga, neng dunya ingkang sampurna,
muga anak putu pada, bisa dadi tuladha, kabecikaning manusa, tinirua ing
sujanma
Memberikan peringatan
padamu, juga menunjukkan jalan yang benar, dalam dunia yang sempurna, semoga
seluruh anak cucu dapat menjadi surei teladan bagi kebaikan dan ditiru manusia
19 Sakehing wong kapengina,
aniru ing solah bawa, marang anak putu padha, anggepe wedi asiha, kinalulutan
ing bala, kedhepa saparentahnya, tulusa mukti wibawa, ing satedhak turunira
Dan banyak yang ingin
meniru perilaku ank cucuku mengenai sikap segan dan kasih, disayangi dan
dituruti seluruh perintahnya oleh bawahan, abdikanlah seluruh kemuliaanmu
hingga keturunanmu
20 Den dohna saking doraka,
winantua ing nugraha, sakeh anak putu padha, ingkang ngimanaken uga, marang
pituturing bapa, Allah anyembadanana, ing pandhonganingsun iya, ing tyasingsun
wus rumasa
Semoga dijauhkan dari
segala dosa dan senantiasa diberkati dengan anugrah. Se,oga Allah mengabulkan permohonanku
karena jiwak sudah merasa
21 Wakingsun umpama surya,
lingsir kulon wayahira, pareking surupe uga, adoh marang timbulira, pira lawase
neng dunya, kauripaning manusa, masa nganti saatus warsa, uripe ana ing dunya
Diriku ibarat matahari
sudah condong ke barat, dekat waktu tenggelam, jauh dari waktu terbitnya.
Seberapa lama hidupmu sebagai mausia, tidak akan sampai seratus tahun kehidypan
manusia di dunia
22 Mulane sun muruk marang,
kabeh paraputraningwang, suntulis sunwehi tembang, darapon padha rahaba,
enggone padha amaca, ngrasakna carita, aja bosen den apalna, ing rina wengi
elinga
Oleh karenanya, aku
mengajarkan kepada seluruh anakku, kutuliskan dalam bentuk tembang agar
semua senang membaca, merasakan (manfaat) cerita, jangan sampai bosan dan
hafalkan, ingatlah baik siang maupun malam
23 Lah muga padha tirua, kaya
leluhure padha, sudira betah atapa, sarta waskitha ing nala, ing sampurnaning
ngagesang, kang patitis tan amamang, iku ta panedhaningwang, muga ta
kalampahana
Mudah-mudahan kalian meniru
para leluhur, prihatin, bijak dalam jiwa atas kesempurnaan hidup, cermat dan
tidak ragu, itulah permohonanu, semoga dapat terlaksana
24 Titi tamating carita, serat
wawaler ing putra, kang yasa Shri Maharaja, Pakubuwana Kaping Pat, karsane Shri
Maharaja, ing galih panedhanira, kang amaca kang miyarsa, yen lali muga elinga
Tamatlah cerita berupa
nasihat bagi putraku. Yang menggubah adalah Shri Maharaja Pakubuwana ke IV.
Harapan Shri Maharaja kepada yang membaca dan mendengar jika sedang lupa,
ingatkanlah
25 Telase panuratira, Besar
tunggal ping wolulas, Akad Pon, Dal sinengkalan, tata guna sabdeng raja,
masasta windu Sancaya, pamujinireng kawula, ya Allah kang luwih wikan, obah
osiking kawula
Tamatnya yang tertulis ini
pada Ahad Pon, delapan belas Besar, Dal Tahun 1735, mangsa kawolu, windu
sancaya. Aku memuji Allah yang mengetahui segala gerak hidupku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar