- KADIPATEN GEDAH SINAWUNGPatih Klono Pati : Kanjeng Adipati, Nyuwun Pangapunten ketingalipun wonten ingkang dipun penggalih, sak lebetipun manah monggo kerso paring dawuh dumateng Klono Pati.Klono Mudo Asmoro : Tih Klono PatiTih Klono Pati : Dawuh dalem kanjeng adipatiKlono Mudo Asmoro : Opo koyo ngene rasane wong nandang wuyung mangan ora doyan, lungguh ora jenak, sare ora kepenak, anane mung tansah ketok ketoken. Galuh Condro Kirono yo Dewi Sekartaji mbesuk kapan aku biso klakon mboyong sliramu wong ayu.Tih Klono Pati : Kanjeng Adipati, keparengno matur prekawis. Dewi sekartaji sampun dipun pundut garwo Panji Asmoro Bangun saking Kraton Jenggolo.Klono Mudo Asmoro : Tih Klono Pati, ora idep Sekartaji duwe garwo rawe-rawe tak rantas malang-malang tak putung aku sumpah tih wurung nggonku mundut garwo ku kuto jagate tak enteng ke patiku.Kadang Putri Daruwati : Kang mas adipati aku sing sowan.Klono Mudo Asmoro : Kene-kene yayi Daruwati kadengepun kakangPutri Daruwati : Hiyo-hiyo Kang Mas DipatiKlono Mudo Asmoro : Yayi Daruwati iki mau mentas soko ngendi waePutri Daruwati : Kang mas dipati aku soko taman kaputren. Dene aku sowan mrene aku jaluk di daupke karo kang Panji Asmoro Bangun.Klono Mudo Asmoro : Yayi Daruwati nggonmu ketemu kapanPutri Daruwati : Mau bengi kang mas kurang luwih tabuh 10 aku mbanjur nglilir manggih gulingKlono Mudo Asmoro : Yen ngono kowe kuwi jebul mung ngimpiPutri Daruwati : Hiyo kang mas, aku njaluk di daupke yo kang masKlono Mudo Asmoro : Tih Klono Pati ngirito bregadane prajurit derekno tindakku karo kadangku daruwati tumuju JenggoloTih Klono Pati : Sendiko dawuh kanjeng keparengo lumengser medal pasebanKlono Mudo Amoro : Ayo-ayo yayi Daruwati luwih disik toto-toto sesuk gagat rahino budal ngupadi dewi sekartaji dalah Panji Asmoro Bangun.Putri Daruwati : Ayo kang mas tak derekke2. DESO TELASIHMbok Rondo Telasih : Ketoke aku duwe anak ora ngepenake wong tuwo malah ngrekasake wong tuwo jenenge duwe anak akeh siji wae ora ono sing niru aku. Yo tujune kok ono sing mbantu aku rahayune ono kleting kuning karo Gayong lha yen ora ono kleting kuning njur koyo ngopo ragaku.Kleting Abang : Ayo-ayo kene-kene kleting biruKabeh kleting : Ayo-ayo mbakyu, barengMbok Rondo Telasih : Mengko disik ndukKleting Abang : Ono BiyungMbok Rondo Telasih : Kleting Abang karo kowe kabeh, biyung tak takon nggonmu yandang kuwi koko bedo karo saben dinane kowe kuwi po do arep menyang ngendi waeKleting Abang : Biyung aku tak ngomong anakmu wis podo gede-gede wis pantes duwe bojoKleting Biru : Biyung sing ora mikir anakKleting Ijo : Lha wong jenenge anak wis prawan ora ndang di goleke bojoKleting Wungu : Menowo biyung seneng yen anake dipoyoki tonggoKleting Jambon : Biyung dadi prawan kasep kuwi ora kepenakMbok Rondo Telasih : Nduk anakku kabeh wae. Kowe oko mbingungke wong tuwo. Opo wis ono wong lanang sing arep ngepek kowe-kowe kabehKleting Abang : Biyung aku tak ngomongNing kono ono ndeso sing jenenge Dadapan nggone mbok rondo duwe anak siji lanang jenenge Bagus Ande-ande Lumut mulo aku aku karo adi-adiku arep nglamar utowo ngunggah ngunggahi baguse Ande-ande lumut.Kleting Kuning : Mbakyu biyung iki kokKleting Gayong : Rame banget ono opo to biyungMbok Rondo Telasih : Anaku ngger kleting karo kowe kleting GayongKleting Kuning : Piye yungKleting Gayong : Piye yungMbok Rondo Telasih : Kowe tak wenehi ngerti yen iki dino mbakyumu kabeh arep podo ngunggah-ngunggahi ning deso Dadapan sing jenenge Bagus Ande-ande Lumut.Kleting Abang : Kleting Kuning, kowe kuwi yo ngopo to neges-neges takonKleting Biru : Karo maneh kowe ning kene gaweamu mung baturKleting Ijo : Kowe kuwi lho kok seneng ngrusuhi wong liyoKleting Wungu : Kleting kuning, ngurusono awakmu deweKleting Jambon : Lha yo ngopeni awake edwe wae ora iso senengane ngopeni urusane liyanMbaok Rondo Telasih : Wis-uwis Kleting Kuning karo kowe Kleting Gayong kono ning mburi ngrampungake gaweanmu. Ben ojo diamok mbakyu-mbakyumu.Kleting Kuning : Hiyo BiyungKleting Gayong : Hiyo YungKleting Abang : Biyung sak ini aku tak budal aku njaluk pamit lan pangestu. Dongakno aku ditompo yungPro Kleting : Podo PamitMbok Rondo Telasih : Yo anaku kabeh wae biyung mangestuni. Slamet lakumu oko podo tukar paduPro Kleting : Budal kabehKleting Kuning : Biyung aku tak nusul mbakyuKleting Gayong : Aku yo meluMbok rondo telash : Kleting Kuning kowe ora susak nusul mbakyumu ning ngomah ngancani biyungKleting Kuning : Yung aku mung nonton wae, ora ngopo-ngopoMbok Rondo Telasih : Yo nek pancen kowe mung nonton. Ayo melu aku tak dandani. Gayong kowe ngenteni sedeloKleting Gayong : Hiyo YungKleting Kuning : Biyung aku njaluk pangestumuMbok Rondo Telasih : Hiyo tak pangestuni ngati-ngati kleting kuning3. POS RONDAN DESO MLESEPak Somo : Mbok MeneMbok Semi : Opo pak menePak Somo : Ayo kowe karo aku sak ini podo ngudar kawruh. Dimen kanggo koco utowo tulodo wong dewo Mlese kene sak anak turuneMbok Semi : Hiyo Pakne KepiyePak Somo : Mergo aku karo kowe dituwake utowo dipercoyo wong sak deso Mlese kene kuwi kudu ngati-ati omong sak omong laku sak lakuMbok Semi : Pak ne aku mung jejere wong wadon manut karepe wong lanangPak Somo : Lha sak iki aku tak takon kowe nggonku bebojoan karo kowe elingmu wis ono pirang tahunMbok Semi : Pakne yen sokok elingku wis ono 12 tahun.Pak Somo : Wah yen ngono yow is suwe yo mbokne. 12 tahunMbok Semi : Ono opo to Pakne takonmu kok bedo karo saben dinone opo kowe arep rabi maneh golek sing luwih ayu, nom. Pak ne aku ngrumangsani wis tuwo ora koyo biyen isih nom dasare isih rosoPak Somo : Mbokne kowe ojo salah tompo aku duwe bojo kuwe tak nggo sak lawase nganti kukute jagat mung sing tak gelani kok ora diparingi anak, lha iki sing dadi pikiranku.Mbok Semi : Ngono lho Pak Ne yen perkoro anak, kuwi ora keno disuwun yo ora keno ditampik. Kabeh mau ono sing kuwoso. Dene kowe karo aku ibarate wayang kuwi ono dalangePak Somo : Yo mbok ne manut karo sing gawe urip. Lha sak iki ngomong-ngomong upamane diparingi anak kowe milih lanang opo wadon mbokmu.Mbok Semi : Lha yen aku tok milih, aku milih anak lanangPak Somo : Kok bedo karo gagasanku mboknePak Somo : Yen gagasanku kuwi malah milih anak wadon. Mergo mbesok bakale ngerti karo wong tuwo, lha yen anak lalang kuwi siji wani karo wong tuwo, loro bisane mung jaluk karo ngeprukMbok Semi : Pak ne anak kuwi mung kari wong tuwane nggone ndidik yen wong tuwo seneng nasar nusur tumindake elek kuwi anak terus melu-melu. Wis aku tak mulih jupuk sego karo wedang.Pak Somo : Jupuk sego karo wedang wae ora mau-mau bareng wayahe arep surup lagi jupukPro Kleting : Ayo-ayo kene dhiPak Somo : Iki kok ono wong wadon sepirang-pirang jajal tak takonane. Nok kowe kabeh wae, arep menyang nggendi njur jenengmu sopo nok.Kleting Abang : Nami kulo Kleting Abang pakKleting Biru : Kulo Kleting Biru pakKleting Ijo : Pak jenengkulo Kleting IjoKleting Wungu : Kulo Kleting Wungu pakKleting Jambon : Pak mboten enten loro telo mung siji jeneng kulo Kleting Jambon Pak.Pak Somo : Lho sepirang pirang ngene iki anake wong piroKleting abang : Nggih anake wong siji to pakPak Somo : Yo di srawungke jenengku Pak Somo yon okPro Kleting : Nggih pak. BarengPak Somo : Lha kowe kabeh mau arep yang ngendi nokKleting Abang : Kulo kalian adi-adi kulo pak ajeng ten deso dadapan nopo bener yen deso dadapan wonten jejoko ingkang nami Bagus Ande-aden Lumut.Pak Somo : Aku yo mung krungu kabar sing jenenge Bagus Ande-ande Lumur kuwi pancen bagus.Kleting Abang : Lha sak niki ngaten Pak Somo gandeng mlaku kulo nggih tebeh kesel dasare niki pun surup mbarengi mendung kadose ajeng udan kulo kalih adi-adi kulo nunut nginep sewengi mawon angsal mboten Pak Somo sesuk esuk kulo neruske lakuPak Somo : Oleh wae opo maneh muni sewengi, sesasi wae ora opo opoKleting Abang : Inggih kulo matur nuwun sak derenge Pak SomoPak Somo : Yo wis kono podo ngaso nokPro Kleting : Nggih Pak SomoPak Somo : Iki mumpun bojoku ora ono dasare howone adem. Enake tak nusul turu. Kongo ngono rasaneMbok Semi : Wong iki mau ning ngendi ono lagi dijupuke sego malah lungoPro Kleting : Podo jerit-jerit bengok-bengok mlayu kabeh, Pak Somo metu di amok pro kleting. TinggalMbok Semi : Eee dadi ngono kuwi to wong tuwo ora genah. Pak mu-pak mu kowe kuwi arep nemoni opo to pak nePak Somo : Hiyo yo mbok mu aku jaluk pangapuro mbok muMbok Semi : Hiyo Pak Mu tak pangapuro ojo dibaleni maneh pak muPak Somo : Ayo ayo mbokne4. KALI SUGIHANYuyu Kangkang : eee wiwit esuk nganti yah mene kok ora ono. Lho kae kok ono wadon pirang-pirang podo mrene aku tak ndelik disik.Kleting Abang : Ayo-ayo kene DhiPro Kleting : Hiyo mbakyuKleting Abang : Lho lho di kaline kok banjirPro Kleting : Lha piye mbakyuYuyu Kangkang : He he he ha ha ha kowe-kowe oko podo wedi karo aku cah ayu-ayu.Kleting Abang : He kowe kuwi bangsane ono, rupamu kok medeniYuyu Kangkang : Aku bangsane kewan. Dene jenengku Yuyu Kangkang, lha jenengmu sopo cah ayuKleting Abang : Yuyu Kangkang jenengku Kleting Abang, kae adhi-adhikuKleting Biru : Aku Kleting Biru Yuyu KangkangKeting Ijo : Aku Kleting IjoKleting Wungu : Aku Kleting Wungu Yuyu KangkangKleting Jambon : Aku Kleting Jambon sing paling nom dewe, ayu deweYuyu Kangkang : Lha kowe kabeh arep menyang ngendi cah ayuKleting Abang : Yuyu Kangkang aku arep meyang deso dadapan perlu ngunggah ngunggahi Baguse Ande-ande Lumur. Aku tulung sabrangno mengko tak opahi duwit jalukmu piroYuyu Kangkang : Kleting Abang yen duwit ako ora butuh. Yuyu nggowo duwit mengko rak teles kabehKleting Abang : Lha njur opo opahe Yuyu KangkangYuyu Kangkang : Opahe gampang ora angelKleting Abang : Lha yen gampang njur opoYuyu Kangkang : Opahe ambung pipi kiwo tengen kari gelem opo ora yen ora gelem aku tak nyemplung kaliKleting Abang : E e e ko sik Yuyu KangkangYo aku gelem ning ojo akeh-akehYuyu Kangkang : Hayo yen wis gelem ayo tak sabrangke cedako mrene
SABRANGKE KABEHYuyu Kangkang : Kae mau ambune wangi-wangi sakiki ambune kok ora enak kok koyo telek lincung. O jebul ono wong nggowo batang, sopo kowe wong elekKleting Kuning : Jenengku Kleting KuningLha kowe duwe jeneng sopoYuyu Kangkang : Jenengku Yuyu KangkangYuyu Kangkang : Yuyu Kangkang mbakyuku mau podo tok sabrangke. Sakiki aku tulung di sabrangke Yuyu KangkangYuyu Kangkang : Yen dulurmu ambune wangi-wangi lha yen kowe ambune ora enak aku moh nyabrangkeKleting Kuning : Yen kowe ora gelem ora opo-opo Yuyu Kangkang sawangen iki pusoko sodo lanang tak tamake bayu kali sak kolo asatYuyu Kangkang : Waduh mati aku, Kleting Kuning aku jaluk ngapura aku, mertobat ora tak baleni manehKleting Kuning : Kowe tak pangapuro yen nganti kowe baleni ojo takon doso Yuyu KangkangYuyu Kangkang : Yo aku ora mandeg semene nedyo tak goleki ning deso dadapan mbok menowo ketemu.5. DESO DADAPANMbok Rondo Dadapan : Aku kok nganti bingung ono jenenge lungguh ning panggungan seprono seprene soko etungku meh dungkap 40 dino. Kok ora ngerti sing dikarepke Ande-ande LumutKleting Abang : Kulo nuwun mbokMbok Rondo Dadapan : MonggoKleting Abang : Mbok nopo leres mriki deso Dadapan panggenanipun Baguse Ande-ande LumutMbok Rondo Dadapan : Nggih leres kulo mboke kersane nopoKleting Biru : Mbok kulo ajeng nggunggah-unggahi anak sampeyanMbok Rondo Dadapan : Semanten katake ajeng ngungguh-unggahi anak kulo Ande-ande Lumut. Lha sampeyan jenenge sintenKleting Abang : Nami kulo Kleting AbangPro Kleting : Ngomong Jenenge dewe-deweMbok Rondo Dadapan : Sak niki sampeyan kabeh kendel rumiyen, kulo tarine anak kuloDITARI SIJI-SIJI KABEH PODO DITAMPIK DO BALIKleting Kuning : Kulo nuwun mbokKleting Gayong : Kulo nuwun mbokMbok Rondo Dadapan : Iki ki ambune opo kok ora enak. E e e dadi kowe sing moro nggowo batang. Kowe ngopo mrene ambune ora enak rodo adohKleting Kuning : Nami kulo Kleting Kuning MbokKleting Gayong : Mbok kulo Kleting GayongMbok Rondo Dadapan : Kowe mrene arep ngopoKleting Kuning : Kulo ajeng ngunggah unggahi Baguse Ande-ande LumutMbok Rondo Dadapan : Wong sing ayu-ayu wae podo ditampik opo maneh kowe rupamu elek, ambune ora enak, wis kono bali waeKleting Kuning : Kulo mboten bali yen anak sampeyan mboten ditari disikMbok Rondo Dadapan : Yo tak tarine anakku mugo-mugo ojo gelemAnde-ande Lumut : Kulo tompoMbok Rondo Dadapan : Piye to le le sing ayu-ayu podo tok tampek bareng sing elek rupane ish mambu telek malah di tompo. Simbok geloAnde-ande Lumut : Mbok sak niki kulo tak ngomong simbok, sampeyan dereng ngerti sak tenane kulo niki putro saking kraton Jenggolo dene nami kulo Panji Asmoro Bangun.Mbok Rondo Dadapan : Who allah nyuwun ngapunten, den kulo mboten ngertiAnde-ande Lumut : Mbok niki boko kulo nggih garwo kulo naminipun Dewi SekartajiMbok Rondo Dadapan : Meniko Den Ayu Sekartaji nyuwun ngapunten den ayu, kulo wau kulo dak sio kaliyan penjenengan.Kleting Kuning : Nggih mbok, mboten dadi sebab, tekane klonoKolo Mudo Asmoro : Kowe Asmoro Bangun, kabeh mau aku wis ngertiAnde-ande Lumut : Njur sak iki karepmu piyeKlono Mudo Asmoro : Sekartaji tetep tak jalukKlono arep njotos tamani sodo lanang karo Sekartaji sak Klono-klono kontalPanji Asmoro Bangun : Di ajeng Sekartaji gandeng wus rampung mbok rondo tak kersake boyong ing Jenggolo sak iki kondour ono tambak boyoDewi Sekartaji : Sumonggo kulo derekaken
Minggu, 17 Januari 2016
NASKAH KETHOPRAK "ANDE-ANDELUMUT"
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar