Nyawang doh garis cakrawala
unjal ambegan ngedohi seseking dhadha
mili, tumetes luh lumantar pipi
wewayang kang ngreridhu ati
Duh Gusti.. dalan urip pancen siji
Gusti paring merga kersa
Gusti kersa merga tresna
He manungsa! Weruha!
Tan ana wani,
nglungani pocapaning Gusti
Tan ana ngerti,
Reroncening takdir bakal dumadi
Pancen mati ginaris dening Ilahi
Luh-luh mili ngebaki rai
Semenit, rong menit kokusapi
Abote urip nanggung nguripi
Nrima kanthi jembaring ati
Welinge Rama..
Aku ora sekolah
Apa-apa sarwa kalah
Aja dadi kaya aku
Dadya wong pantes tiniru
Welinge Rama..
Aku makarya nadyan lara
Ora ana sega tanpa kerja
Iku kacane wong bodho
Longa-longo kaya kebo
Ngger.. Uripa sing mulya
Nggayuha ngelmu tekan lintang lan surya
Ana tresna cinagak dosa
Ana asmara mambu ala
Ana ganda, gandane neraka
Sak cawan anggur nggawa memala
Kupu ing wayah wengi
Napaki dalan nggawa berahi
Tumuju lawang-lawang sepi
Ing kono mijil mokal dadi
Kupu.. Kupu kulit
Mburu nepsu kanggo dhuwit
Wani turu kanggo urip
Nanging kupu ora maneh ayu
Awit lare werna klawu
Miber ing ndhuwur kembang-kembang
Nutupi ati kang sumelang
Yen dudu kembang, apa bisa mangan?
Aja gela yen wana katon nelangsa
Aja gela yen uripmu katut lara
Kabeh mau karyaning tangan-tanganmu
Kali bening ora maneh tinemu
Isih ana wektu..
Ngowahi alam sing kadung nesu
Rumat.. rumatana omahmu
Jimat, dadya jimat tumraping uripmu
Swarane krincing pating kricik
Saya cedak, saya cetha
Wis cumepak gelas gelas plastik
Ngenteni pakan-pakan klithik
Mlaku ing warung-warung
Ora kesel nembang wuyung
Ana sing suwung
Ana sing luwung
Nasib ginaris ing tangan
Legawa lila dadi gelandhangan
Ngenteni pimpinan ngowahi zaman
Mujudake janji, dudu guyonan
Jagad nyekseni
Lelakon janma ing bumi
Sing jaya urip mulya,
Nadyan ala dilakoni saben dina
Sing mlarat sarwa kesrakat
Nadyan jiwa raga wis tobat
Rumangsaku rodha ora mubeng
Anteng meneng ngliwati peteng
Aku isih ing ngisor
Ora sithik sing urip asor
Iki gurit kanggo Ratu Langit
Panguwasa jagad surya
Aweh owah Gusti...
Marang nasib urip iki
Aweh owah Gusti...
Marang wong ala ing bumi
Aweh adil Gusti..
Mapag langit ginulung morat-marit
Miber klebar-kleber sliwar-sliwer
Lura-luru kang kudu tinuju
Mapan ngadeg ing pakang jambu
Ngarep omah, sadhela mburi omah,
Ora jenak olehe obah
Kidung nggiris emprit ganthil
Sasmita sukma ora kanthil
Jirih tumekamu mring omahku
Aja sembrana, dak balang watu
Aku ora butuh pratandha
Yen wis mangsa bakal dakculna
Kidung saka emprit ganthil
Sinusul ganda kembang kanthil
Pancen wis kaya padatan
Srengenge njedhul saka wetan
Aweh rasa anget tumrap kauripan
Aja takon nganti sok kapan?
Jarene jaman iki jaman edan
Paten-patenan ora kabotan
Weruh manungsa jan kaya kewan
Montang-manting ora nduwe tujuwan
Jagad alam..
Gumelar jembar ngambar-ambar
Kapan wae bisa ginulung
Tandha manungsa njaluk pitulung
Marang sapa? Marang sapa?
Dina kuwi ora kenal lung-tinulung
Delengen kae!
Bagaskara ngintik ngede-ede
Saka kulon sajak ngece
Ngece lelakonmu sing ribut dhewe
Bagaskara dudu kanca
Jagad raya tiba mangsa
Aja gela, aja gela
Yen uripmu bakal sia-sia
Pandom cekak lan dawa
Mubeng manengen dudu mangiwa
Saben detike, mangan umur sing ora suwe
Saben menite, mangan ganjaran apa dosane
Menit saiki ora ana ing menit sesuk
Apa maneh menit wingi?
Ateges pandom terus mlaku
Sinambi ngitung ganjaran lan dosamu
Mula, aja nyia-nyia
Marang umur, marang wektu
Ing kertas dak rakit crita
Lelagon asta ngranggeh purnama
Aku janma ora duwe kaca
Ngarep tresna saka raja
Iki dudu Rara Mendhut Pranacitra
Amung crita sudra papa
Kuciwane wong asor kaya aku
Marang candra kang lawas dak ingu
Ing kertas wis dakrancang
Crita kulit tininggal kacang
Biyen dakrumat nganti gedhe dadi camat
Saiki tumekaku kaya tengu
Bisaa kudu metu
Aja! Aja nganti mlebu
Mlebu satengahing kahyangan
Panggone dewa dewi pilihan
Aku janma ora duwe kaca
Ngarep tresna saka raja
Rupamu sing bunder
Gumantung ing mega wengi
Cahyamu sing padhang
Nyirnaake peteng wengi iki
Swara jangkrik, swara angin
Kang ngawe-awe
Ngelingake jamanku
Nalika isih cilik
Ngelingake aja padha turu sore
Padha kumpul nang tegalan
Padha dolanan sakngisore rembulan
Kang
padhang jingglang
Tidak ada komentar:
Posting Komentar