KADIPATEN GEDAH SINAWUNG
Patih Klono Pati : Kanjeng Adipati, Nyuwun Pangapunten ketingalipun wonten ingkang dipun penggalih, sak lebetipun manah monggo kerso paring dawuh dumateng Klono Pati.
Klono Mudo Asmoro : Tih Klono Pati
Tih Klono Pati : Dawuh dalem kanjeng adipati
Klono Mudo Asmoro : Opo koyo ngene rasane wong nandang wuyung mangan ora doyan, lungguh ora jenak, sare ora kepenak, anane mung tansah ketok ketoken. Galuh Condro Kirono yo Dewi Sekartaji mbesuk kapan aku biso klakon mboyong sliramu wong ayu.
Tih Klono Pati : Kanjeng Adipati, keparengno matur prekawis. Dewi sekartaji sampun dipun pundut garwo Panji Asmoro Bangun saking Kraton Jenggolo.
Klono Mudo Asmoro : Tih Klono Pati, ora idep Sekartaji duwe garwo rawe-rawe tak rantas malang-malang tak putung aku sumpah tih wurung nggonku mundut garwo ku kuto jagate tak enteng ke patiku.
Kadang Putri Daruwati : Kang mas adipati aku sing sowan.
Klono Mudo Asmoro : Kene-kene yayi Daruwati kadengepun kakang
Putri Daruwati : Hiyo-hiyo Kang Mas Dipati
Klono Mudo Asmoro : Yayi Daruwati iki mau mentas soko ngendi wae
Putri Daruwati : Kang mas dipati aku soko taman kaputren. Dene aku sowan mrene aku jaluk di daupke karo kang Panji Asmoro Bangun.
Klono Mudo Asmoro : Yayi Daruwati nggonmu ketemu kapan
Putri Daruwati : Mau bengi kang mas kurang luwih tabuh 10 aku mbanjur nglilir manggih guling
Klono Mudo Asmoro : Yen ngono kowe kuwi jebul mung ngimpi
Putri Daruwati : Hiyo kang mas, aku njaluk di daupke yo kang mas
Klono Mudo Asmoro : Tih Klono Pati ngirito bregadane prajurit derekno tindakku karo kadangku daruwati tumuju Jenggolo
Tih Klono Pati : Sendiko dawuh kanjeng keparengo lumengser medal paseban
Klono Mudo Amoro : Ayo-ayo yayi Daruwati luwih disik toto-toto sesuk gagat rahino budal ngupadi dewi sekartaji dalah Panji Asmoro Bangun.
Putri Daruwati : Ayo kang mas tak derekke
2. DESO TELASIH
Mbok Rondo Telasih : Ketoke aku duwe anak ora ngepenake wong tuwo malah ngrekasake wong tuwo jenenge duwe anak akeh siji wae ora ono sing niru aku. Yo tujune kok ono sing mbantu aku rahayune ono kleting kuning karo Gayong lha yen ora ono kleting kuning njur koyo ngopo ragaku.
Kleting Abang : Ayo-ayo kene-kene kleting biru
Kabeh kleting : Ayo-ayo mbakyu, bareng
Mbok Rondo Telasih : Mengko disik nduk
Kleting Abang : Ono Biyung
Mbok Rondo Telasih : Kleting Abang karo kowe kabeh, biyung tak takon nggonmu yandang kuwi koko bedo karo saben dinane kowe kuwi po do arep menyang ngendi wae
Kleting Abang : Biyung aku tak ngomong anakmu wis podo gede-gede wis pantes duwe bojo
Kleting Biru : Biyung sing ora mikir anak
Kleting Ijo : Lha wong jenenge anak wis prawan ora ndang di goleke bojo
Kleting Wungu : Menowo biyung seneng yen anake dipoyoki tonggo
Kleting Jambon : Biyung dadi prawan kasep kuwi ora kepenak
Mbok Rondo Telasih : Nduk anakku kabeh wae. Kowe oko mbingungke wong tuwo. Opo wis ono wong lanang sing arep ngepek kowe-kowe kabeh
Kleting Abang : Biyung aku tak ngomong
Ning kono ono ndeso sing jenenge Dadapan nggone mbok rondo duwe anak siji lanang jenenge Bagus Ande-ande Lumut mulo aku aku karo adi-adiku arep nglamar utowo ngunggah ngunggahi baguse Ande-ande lumut.
Kleting Kuning : Mbakyu biyung iki kok
Kleting Gayong : Rame banget ono opo to biyung
Mbok Rondo Telasih : Anaku ngger kleting karo kowe kleting Gayong
Kleting Kuning : Piye yung
Kleting Gayong : Piye yung
Mbok Rondo Telasih : Kowe tak wenehi ngerti yen iki dino mbakyumu kabeh arep podo ngunggah-ngunggahi ning deso Dadapan sing jenenge Bagus Ande-ande Lumut.
Kleting Abang : Kleting Kuning, kowe kuwi yo ngopo to neges-neges takon
Kleting Biru : Karo maneh kowe ning kene gaweamu mung batur
Kleting Ijo : Kowe kuwi lho kok seneng ngrusuhi wong liyo
Kleting Wungu : Kleting kuning, ngurusono awakmu dewe
Kleting Jambon : Lha yo ngopeni awake edwe wae ora iso senengane ngopeni urusane liyan
Mbaok Rondo Telasih : Wis-uwis Kleting Kuning karo kowe Kleting Gayong kono ning mburi ngrampungake gaweanmu. Ben ojo diamok mbakyu-mbakyumu.
Kleting Kuning : Hiyo Biyung
Kleting Gayong : Hiyo Yung
Kleting Abang : Biyung sak ini aku tak budal aku njaluk pamit lan pangestu. Dongakno aku ditompo yung
Pro Kleting : Podo Pamit
Mbok Rondo Telasih : Yo anaku kabeh wae biyung mangestuni. Slamet lakumu oko podo tukar padu
Pro Kleting : Budal kabeh
Kleting Kuning : Biyung aku tak nusul mbakyu
Kleting Gayong : Aku yo melu
Mbok rondo telash : Kleting Kuning kowe ora susak nusul mbakyumu ning ngomah ngancani biyung
Kleting Kuning : Yung aku mung nonton wae, ora ngopo-ngopo
Mbok Rondo Telasih : Yo nek pancen kowe mung nonton. Ayo melu aku tak dandani. Gayong kowe ngenteni sedelo
Kleting Gayong : Hiyo Yung
Kleting Kuning : Biyung aku njaluk pangestumu
Mbok Rondo Telasih : Hiyo tak pangestuni ngati-ngati kleting kuning
3. POS RONDAN DESO MLESE
Pak Somo : Mbok Mene
Mbok Semi : Opo pak mene
Pak Somo : Ayo kowe karo aku sak ini podo ngudar kawruh. Dimen kanggo koco utowo tulodo wong dewo Mlese kene sak anak turune
Mbok Semi : Hiyo Pakne Kepiye
Pak Somo : Mergo aku karo kowe dituwake utowo dipercoyo wong sak deso Mlese kene kuwi kudu ngati-ati omong sak omong laku sak laku
Mbok Semi : Pak ne aku mung jejere wong wadon manut karepe wong lanang
Pak Somo : Lha sak iki aku tak takon kowe nggonku bebojoan karo kowe elingmu wis ono pirang tahun
Mbok Semi : Pakne yen sokok elingku wis ono 12 tahun.
Pak Somo : Wah yen ngono yow is suwe yo mbokne. 12 tahun
Mbok Semi : Ono opo to Pakne takonmu kok bedo karo saben dinone opo kowe arep rabi maneh golek sing luwih ayu, nom. Pak ne aku ngrumangsani wis tuwo ora koyo biyen isih nom dasare isih roso
Pak Somo : Mbokne kowe ojo salah tompo aku duwe bojo kuwe tak nggo sak lawase nganti kukute jagat mung sing tak gelani kok ora diparingi anak, lha iki sing dadi pikiranku.
Mbok Semi : Ngono lho Pak Ne yen perkoro anak, kuwi ora keno disuwun yo ora keno ditampik. Kabeh mau ono sing kuwoso. Dene kowe karo aku ibarate wayang kuwi ono dalange
Pak Somo : Yo mbok ne manut karo sing gawe urip. Lha sak iki ngomong-ngomong upamane diparingi anak kowe milih lanang opo wadon mbokmu.
Mbok Semi : Lha yen aku tok milih, aku milih anak lanang
Pak Somo : Kok bedo karo gagasanku mbokne
Pak Somo : Yen gagasanku kuwi malah milih anak wadon. Mergo mbesok bakale ngerti karo wong tuwo, lha yen anak lalang kuwi siji wani karo wong tuwo, loro bisane mung jaluk karo ngepruk
Mbok Semi : Pak ne anak kuwi mung kari wong tuwane nggone ndidik yen wong tuwo seneng nasar nusur tumindake elek kuwi anak terus melu-melu. Wis aku tak mulih jupuk sego karo wedang.
Pak Somo : Jupuk sego karo wedang wae ora mau-mau bareng wayahe arep surup lagi jupuk
Pro Kleting : Ayo-ayo kene dhi
Pak Somo : Iki kok ono wong wadon sepirang-pirang jajal tak takonane. Nok kowe kabeh wae, arep menyang nggendi njur jenengmu sopo nok.
Kleting Abang : Nami kulo Kleting Abang pak
Kleting Biru : Kulo Kleting Biru pak
Kleting Ijo : Pak jenengkulo Kleting Ijo
Kleting Wungu : Kulo Kleting Wungu pak
Kleting Jambon : Pak mboten enten loro telo mung siji jeneng kulo Kleting Jambon Pak.
Pak Somo : Lho sepirang pirang ngene iki anake wong piro
Kleting abang : Nggih anake wong siji to pak
Pak Somo : Yo di srawungke jenengku Pak Somo yon ok
Pro Kleting : Nggih pak. Bareng
Pak Somo : Lha kowe kabeh mau arep yang ngendi nok
Kleting Abang : Kulo kalian adi-adi kulo pak ajeng ten deso dadapan nopo bener yen deso dadapan wonten jejoko ingkang nami Bagus Ande-aden Lumut.
Pak Somo : Aku yo mung krungu kabar sing jenenge Bagus Ande-ande Lumur kuwi pancen bagus.
Kleting Abang : Lha sak niki ngaten Pak Somo gandeng mlaku kulo nggih tebeh kesel dasare niki pun surup mbarengi mendung kadose ajeng udan kulo kalih adi-adi kulo nunut nginep sewengi mawon angsal mboten Pak Somo sesuk esuk kulo neruske laku
Pak Somo : Oleh wae opo maneh muni sewengi, sesasi wae ora opo opo
Kleting Abang : Inggih kulo matur nuwun sak derenge Pak Somo
Pak Somo : Yo wis kono podo ngaso nok
Pro Kleting : Nggih Pak Somo
Pak Somo : Iki mumpun bojoku ora ono dasare howone adem. Enake tak nusul turu. Kongo ngono rasane
Mbok Semi : Wong iki mau ning ngendi ono lagi dijupuke sego malah lungo
Pro Kleting : Podo jerit-jerit bengok-bengok mlayu kabeh, Pak Somo metu di amok pro kleting. Tinggal
Mbok Semi : Eee dadi ngono kuwi to wong tuwo ora genah. Pak mu-pak mu kowe kuwi arep nemoni opo to pak ne
Pak Somo : Hiyo yo mbok mu aku jaluk pangapuro mbok mu
Mbok Semi : Hiyo Pak Mu tak pangapuro ojo dibaleni maneh pak mu
Pak Somo : Ayo ayo mbokne
4. KALI SUGIHAN
Yuyu Kangkang : eee wiwit esuk nganti yah mene kok ora ono. Lho kae kok ono wadon pirang-pirang podo mrene aku tak ndelik disik.
Kleting Abang : Ayo-ayo kene Dhi
Pro Kleting : Hiyo mbakyu
Kleting Abang : Lho lho di kaline kok banjir
Pro Kleting : Lha piye mbakyu
Yuyu Kangkang : He he he ha ha ha kowe-kowe oko podo wedi karo aku cah ayu-ayu.
Kleting Abang : He kowe kuwi bangsane ono, rupamu kok medeni
Yuyu Kangkang : Aku bangsane kewan. Dene jenengku Yuyu Kangkang, lha jenengmu sopo cah ayu
Kleting Abang : Yuyu Kangkang jenengku Kleting Abang, kae adhi-adhiku
Kleting Biru : Aku Kleting Biru Yuyu Kangkang
Keting Ijo : Aku Kleting Ijo
Kleting Wungu : Aku Kleting Wungu Yuyu Kangkang
Kleting Jambon : Aku Kleting Jambon sing paling nom dewe, ayu dewe
Yuyu Kangkang : Lha kowe kabeh arep menyang ngendi cah ayu
Kleting Abang : Yuyu Kangkang aku arep meyang deso dadapan perlu ngunggah ngunggahi Baguse Ande-ande Lumur. Aku tulung sabrangno mengko tak opahi duwit jalukmu piro
Yuyu Kangkang : Kleting Abang yen duwit ako ora butuh. Yuyu nggowo duwit mengko rak teles kabeh
Kleting Abang : Lha njur opo opahe Yuyu Kangkang
Yuyu Kangkang : Opahe gampang ora angel
Kleting Abang : Lha yen gampang njur opo
Yuyu Kangkang : Opahe ambung pipi kiwo tengen kari gelem opo ora yen ora gelem aku tak nyemplung kali
Kleting Abang : E e e ko sik Yuyu Kangkang
Yo aku gelem ning ojo akeh-akeh
Yuyu Kangkang : Hayo yen wis gelem ayo tak sabrangke cedako mrene
SABRANGKE KABEH
Yuyu Kangkang : Kae mau ambune wangi-wangi sakiki ambune kok ora enak kok koyo telek lincung. O jebul ono wong nggowo batang, sopo kowe wong elek
Kleting Kuning : Jenengku Kleting Kuning
Lha kowe duwe jeneng sopo
Yuyu Kangkang : Jenengku Yuyu Kangkang
Yuyu Kangkang : Yuyu Kangkang mbakyuku mau podo tok sabrangke. Sakiki aku tulung di sabrangke Yuyu Kangkang
Yuyu Kangkang : Yen dulurmu ambune wangi-wangi lha yen kowe ambune ora enak aku moh nyabrangke
Kleting Kuning : Yen kowe ora gelem ora opo-opo Yuyu Kangkang sawangen iki pusoko sodo lanang tak tamake bayu kali sak kolo asat
Yuyu Kangkang : Waduh mati aku, Kleting Kuning aku jaluk ngapura aku, mertobat ora tak baleni maneh
Kleting Kuning : Kowe tak pangapuro yen nganti kowe baleni ojo takon doso Yuyu Kangkang
Yuyu Kangkang : Yo aku ora mandeg semene nedyo tak goleki ning deso dadapan mbok menowo ketemu.
5. DESO DADAPAN
Mbok Rondo Dadapan : Aku kok nganti bingung ono jenenge lungguh ning panggungan seprono seprene soko etungku meh dungkap 40 dino. Kok ora ngerti sing dikarepke Ande-ande Lumut
Kleting Abang : Kulo nuwun mbok
Mbok Rondo Dadapan : Monggo
Kleting Abang : Mbok nopo leres mriki deso Dadapan panggenanipun Baguse Ande-ande Lumut
Mbok Rondo Dadapan : Nggih leres kulo mboke kersane nopo
Kleting Biru : Mbok kulo ajeng nggunggah-unggahi anak sampeyan
Mbok Rondo Dadapan : Semanten katake ajeng ngungguh-unggahi anak kulo Ande-ande Lumut. Lha sampeyan jenenge sinten
Kleting Abang : Nami kulo Kleting Abang
Pro Kleting : Ngomong Jenenge dewe-dewe
Mbok Rondo Dadapan : Sak niki sampeyan kabeh kendel rumiyen, kulo tarine anak kulo
DITARI SIJI-SIJI KABEH PODO DITAMPIK DO BALI
Kleting Kuning : Kulo nuwun mbok
Kleting Gayong : Kulo nuwun mbok
Mbok Rondo Dadapan : Iki ki ambune opo kok ora enak. E e e dadi kowe sing moro nggowo batang. Kowe ngopo mrene ambune ora enak rodo adoh
Kleting Kuning : Nami kulo Kleting Kuning Mbok
Kleting Gayong : Mbok kulo Kleting Gayong
Mbok Rondo Dadapan : Kowe mrene arep ngopo
Kleting Kuning : Kulo ajeng ngunggah unggahi Baguse Ande-ande Lumut
Mbok Rondo Dadapan : Wong sing ayu-ayu wae podo ditampik opo maneh kowe rupamu elek, ambune ora enak, wis kono bali wae
Kleting Kuning : Kulo mboten bali yen anak sampeyan mboten ditari disik
Mbok Rondo Dadapan : Yo tak tarine anakku mugo-mugo ojo gelem
Ande-ande Lumut : Kulo tompo
Mbok Rondo Dadapan : Piye to le le sing ayu-ayu podo tok tampek bareng sing elek rupane ish mambu telek malah di tompo. Simbok gelo
Ande-ande Lumut : Mbok sak niki kulo tak ngomong simbok, sampeyan dereng ngerti sak tenane kulo niki putro saking kraton Jenggolo dene nami kulo Panji Asmoro Bangun.
Mbok Rondo Dadapan : Who allah nyuwun ngapunten, den kulo mboten ngerti
Ande-ande Lumut : Mbok niki boko kulo nggih garwo kulo naminipun Dewi Sekartaji
Mbok Rondo Dadapan : Meniko Den Ayu Sekartaji nyuwun ngapunten den ayu, kulo wau kulo dak sio kaliyan penjenengan.
Kleting Kuning : Nggih mbok, mboten dadi sebab, tekane klono
Kolo Mudo Asmoro : Kowe Asmoro Bangun, kabeh mau aku wis ngerti
Ande-ande Lumut : Njur sak iki karepmu piye
Klono Mudo Asmoro : Sekartaji tetep tak jaluk
Klono arep njotos tamani sodo lanang karo Sekartaji sak Klono-klono kontal
Panji Asmoro Bangun : Di ajeng Sekartaji gandeng wus rampung mbok rondo tak kersake boyong ing Jenggolo sak iki kondour ono tambak boyo
Dewi Sekartaji : Sumonggo kulo derekaken
Tidak ada komentar:
Posting Komentar